Ukara-ukara ing ngisor iki basané madya ngoko, madya krama, apa krama lugu?
- Dhik, sing dodol koran, dika mandheg sedhela, Dhik!
- Enggih, Dhik, sampéyan mandheg, kula nggih ajeng tumbas.
- Koran napa mawon ta, Dhik, sing dika beta niku?
- Pepak, Mas. Pos Kota, Kompas, Suara Pembaruan, Suara Merdeka, mangga sampéyan pilih piyambak.
- Niki rak anyar kabèh ta?
- O, sedaya énggal, Mas. Koran menawi sampun wayu boten pajeng.
- Dhik, kula tumbas setunggil. Ngga, niki sampéyan jujuli.
- Kula nggih tuku siji, ngga niki dhuwité dika jujuli.
Ukara-ukara iki owahana nganggo basa krama lugu!
- Kula ajeng nonton bal-balan, dika mèlu napa boten.
- Dika niki wau seking pundi, yah kèten kok empun dugi ngriki.
- Dika niku pripun, kok gendhulak-gendhulik kaya sida kaya ora.
- Empun, nggih, kula mulih dhisik. Dika padha tutugké oleh dika padha wédangan.
- Kula enteni teng cakruk kidul désa, mengké dika nusul.
VI. Ariwarti lan kalawarti basa Jawa
Wiwit nalika bangsa Indonesia isih kajajah ing Bangsa Walanda, ing kéné wis kababar majalah utawa kalawarti abasa Jawa. Kalawarti sing tuwa dhéwé yaiku kalawarti Kejawèn sing wiwit kababar dhèk taun 1926. Sekawit kalawarti Kejawèn kuwi metuné seminggu sepisan, nanging wiwit taun 1938 metuné mung rong minggu sepisan. Sawisé Kejawèn, dhèk taun 1933 ing Surabaya kababar kalawarti abasa Jawa uga, jenengé kalawarti Panyebar Semangat.
Kuciwa, dhèk jaman Jepang kalawarti Kejawèn lan kalawarti Panyebar Semangat kuwi diendheg, ora kena kababar manèh. Lagi wiwit taun 1949 kalawarti Panyebar Semangat wiwit kababar manèh, nganti tekan sepréné.
Sawisé bangsa Indonesia ngumandhangaké kamardikané, ing
19