Kaca:Kridha Basa 2.pdf/25

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Indonesia dadi saya akèh kababar kalawarti abasa Jawa. Kalawarti-kalawarti abasa Jawa kuwi upamané:

  1. Jaya Baya, kababar wiwit sasi Desember 1945. Sekawit kababar ing Kediri, nanging ora suwé banjur pindhah kababar ing Surabaya.
  2. Mekarsari. kababar wiwit taun 1957 ing Ngayogyakarta.
  3. Waspada, kababar ing Ngayogyakarta wiwit taun 1952.
  4. Cendrawasih, kababar wiwit taun 1957 ing Surabaya.
  5. Crita Cekak, kababar ing Surabaya wiwit taun 1955.
  6. Gotong Royong, kababar ing Surabaya wiwit taun 1963.
  7. Candra Kirana, kababar ing Surabaya wiwit taun 1964.

20