Kaca:Kridha Basa 1.pdf/89

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan ka-12

I. A. Wacanen batin!

Karang Taruna
Kridha Basa 1 (page 89 crop)

Saiki ing ngendi-endi ana kumpulan, jenengé Karang Taruna. Jumbuh karo tegesé tembung, wargané kumpulan kuwi para nom-noman sing padha dedunung ing tlatah kono. Pangayomé kumpulan kuwi Bapak Lurah. Karang Taruna mono kumpulan sing dadi ajangé para nom-noman kanggo gladhèn makarya. Pambudidayané Karang Taruna siji lan sijiné ora padha, gumantung marang kaanané désané dhéwé-dhéwé. Upamané:

  1. Wargane Karang Taruna désa Mrican padha digladhi kaprigelan elektronika. Jalaran ing désa Mrican kono
    84