Kaca:Kridha Basa 1.pdf/90

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
    ana guru èlèktronika sing saguh nggladhi. Bareng para wargane wis padha trampil ing babagan elektronika, Pak Lurah Mrican banjur paring pawitan kanggo ngedegaké bengkel elèktronika. Sekawit bèngkèl mau mung mligi nampa garapan ndandani barang-barang èlèktronik sing rusak. Nanging, suwé-suwé, awit saka tuntunané Pak Guru èlèktronika mau, bèngkèl èlèktronikané Karang Taruna désa Mrican uga bisa ngrakit barang-barang èlèktronik. Upamané radio, tip rèkorder, pesawat interkom, lan sapanunggalané. Pambudidayané Karang Taruna désa Mrican kuwi kajaba gedhé paédahé tumrap para wargané, uga ora sethithik pigunané tumrap masyarakat ing désa Mrican kono.
  1. Ing desa Candhirata wargané Karang Taruna padha diajari natah lan nyungging wayang kulit. Saiki Karang Taruna desa Candhirata duwé usaha gawé wayang kulit, pangedolé liwat KUD.
  2. Ing Jakarta beda manèh. Ing Jakarta ana kumpulan Karang Taruna sing mlebu ing pangayomané sawijining PT. PT kuwi déning Bapak Gubernur DKI dipasrahi njaga resiké laladan Jakarta. Sawise dilatih sajroné rong taun ing bab cukat trengginasé wong nyambut gawé, bab disiplin, lan liya-liyané, para nom-noman wargané Karang Taruna mau kapasrahan njaga resiké kutha Jakarta. Sawetara wektu, bokmanawa ngèlingi ragat, Karang Taruna mau mung kapasrahan reresik lan njaga resiké wewengkon Kebayoran Baru, Monas, Tanah Abang, Kebon Sirih, lan Jalan Veteran sakiwa-tengene.

Kajaba nggladhi kaprigelan kenaa kanggo cagaking uripé ing tembé buri, para warganing Karang Taruna uga ora nglirwakké bab agama, kabudayan, olahraga lan kemasyarakatan. Dadi, cekak cukupé, idham-idhamané Karang Taruna mono cecawis amrih para wargané bésuk padha dadia uwong sing tegen makarya, takwa marang Gusti Kang Murbèng Dumadi, lan

waras wiris lair batiné.

85