Kaca:Kridha Basa 1.pdf/7

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

kuwi. Ing saenggon-enggon rakyat padha asikep gegaman sakecekelé, ngadani perang gerilya, perang kanthi cara dhedhemitan.

Kacarita, ing kutha Sala tentara Republik sing dipanggedhèni déning Letnan Kolonel Slamet Riyadi ngamuk punggung pindha banthèng ketaton, agawé kekes lan mirising atiné wadya bala Walanda. Satemah, wadya bala Walanda padha ndhelik ana ing sajroning bètèng, ora wani ngatonaké rainé.

Slamet Riyadi pranyata prajurit sing kendel, tatag lan tanggon. Kuwanèné Slamet Riyadi uga kacihna nalika mandhégani wadyabalané perang mungsuh tentara Walanda sing ngebroki Ambarawa, Srondhol, Mranggèn, lan Semarang.

Ora mung kuwi, Slamet Riyadi uga tau kajibah mbrastha rerusuh ing laladaning Gunung Merapi-Merbabu, lan uga numpes gerakan APRA Westerling ing Tanah Jawa Kulon.

Ya awit saka kekendelané sing ngédab-édabi kuwi, dhèk taun 1950 Slamet Riyadi ketiban sampur manèh. Slamet Riyadi tampa ayahané negara mbrastha dahuru ing Ambon, yaiku pambalélané Soumokil sawadyabalané, sing ada-ada ngedegaké Negara Republik Maluku Selatan (RMS), nyempal saka penguwasané Negara Republik Indonesia.

Ora ulap marang pepaking gegaman sarta kaprigelané Soumokil ing bab ulah kridhaning perang, Letnan Kolonel Slamet Riyadi sawadyabalané ngangseg maju nedya ngrebut bètèng Victory, bètèng sing diagul-agulaké déning bangsa Walanda ing kutha Ambon. Klakon, bètèng Victory kena karebut ing tangané Slamet Riyadi, nanging Slamet Riyadi dhéwé gugur kena lésáning mimisé mungsuh, nalika lagi patroli nganglang kutha.

Minangka pepulih tumrap lelabuhané Slamet Riyadi, Negara paring ganjaran arupa Bintang Sakti (Mei taun 1961), Bintang Gerilya (Juni taun 1961), sarta Satya Lencana Bhakti (November taun 1961). Lan, Letnan Kolonel Slamet Riyadi uga winisudha dadi Pahlawan Perang Kemerdekaan Indonesia.

2