Kaca:Kridha Basa 1.pdf/6

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan ka-1

I. A. Wacanen batin!

Slamet Riyadi

Ora kanyana-nyana, dhèk tanggal 19 Desember taun 1948 tentara Walanda nyerang sarta banjur ngebroki kutha Ngayojakarta, kutha punjering papréntahané Negara Republik Indonesia. Kajaba kutha Ngayoja, Landa uga ngebroki kutha-kutha gedhé liyané ing Tanah Jawa Tengah, kayata Sala, Ambarawa, lan Semarang.

Weruh krénahé tentara Walanda kuwi, ora katalompèn bangsa Indonesia, gedhé cilik, tuwa anom, lanang wadon,padha cancut gumregut saiyeg saéka kapti, ngadani perang mungsuh bangsa Walanda sing murang tata, ambeg adigang adigung lan adiguna

1