Kaca:Kridha Basa 1.pdf/52

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

kawibawané Pamaréntah. Mula, PKI gething lan ngigit-igit marang Letnan Jendral Akhmad Yani, sabanjuré mbudidaya nyingkirake panjenengane.

Kaleksanan. Dhèk tanggal 1 Oktober taun 1965 wayah bangun ésuk, kanthi mémba-mémba utusané Presiden, grombolan G 30 S/PKI lumebu ing dalemé Letnan Jendral Akhmad Yani. Letnan Jendral Akhmad Yani sing lagi saré kepati diwungu. Nalika panjenengané miyos saka kamar, dumadakan dibrondong mimis dening grombolan G 30 S/PKI kuwi. Letnan Jendral Akhmad Yani séda sanalika: Sawisé kaanané negara bali pulih tentrem, Letnan Jendral Akhmad Yani kaparingan ganjaran déning Pamarentah Republik Indonesia. Letnan Jendral Akhmad Yani winisudha dadi Pahlawan Revolusi, déné pangkaté munggah dadi Jendral Anumerta.

Ing bab kuwanèn lan kekendelané Jendral Akhmad Yani mbélani bebener, wis katitik nalika Jendral Akhmad Yani işih timur, nalika negara kita isih dijajah bangsa Walanda.

Sawijining dina Akhmad Yani sing nalika semana isih sinau ana ing pamulangan MULO ing kutha Bogor, mulih menyang Purwareja tilik rama ibuné. Ndelalah, keng ramané sing ora salah apa-apa, ujug-ujug disrengeni, diujar-ujari bebasan entèk amèk kurang golèk dening Walanda ndhuwurané. Priksa kaanan sing ora adil, apa manèh tumanduk marang keng ramané, Akhmad Yani muntab. Walanda sing murang tata kuwi genti diujar-ujari déning Akhmad Yani! Walandane anggone nesu saya ndadi. Akhmad Yani ditempiling. Akhmad Yani ora wedi lan ora mundur sapecak. Landa mau genti disadhuk wetengé. Wusana Landa lan Akhmad Yani banjur gelut uleng.

Sawisé Indonesia mardika, lan bareng Akhmad Yani wis diwasa, Akhmad Yani lumebu dadi prajurit. Sing diesthi mung siji, yaiku tata tentrem lan raharjaning bangsa lan negara. Dhasaré kendel, pinter, trengginas, lan trampil, kalungguhan lan pangkaté Akhmad Yani saya mundhak saya mundhak, nganti wusanané dadi Menteri/Panglima Angkatan Darat. Kuciwa, durung nganti ngraosaké wohing perjuwangané, Letnan Jendral Akhmad Yani kedadak gugur déning tangane bangsané dhéwé. Muga-muga arwahé Jendral Akhmad Yani tinampi ing pangayunaning Gusti Kang Maha Wikan lan Maha Asih.

47