Kaca:Kridha Basa 1.pdf/51

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan ka-7

A. Wacanen batin!

Jendral Akhmad Yani
Jendral Akhmad Yani

 Letnan Jendral Akhmad Yani, Menteri/ Panglima Angkatan Darat, gugur dadi bantening bangsa lan negara, mbélani adeging negara kang dhedhasar Pancasila.
Nalika samana PKI ambeg kumawasa adigang adigung adiguna, tansah mitenah liyan, mbudidaya murih ringkihing bangsa sarta abering Pancasila. Bangsa Indonesia lan para pangrèhing praja akeh kang padha gigrig ngadhepi solah bawa lan tindak-tanduké PKI. Nanging, Letnan Jendral Akhmad Yani ora. Panjenengane babar pisan ora miris ngadhepi PKI. Panjenengane nduwa lan ngalang-alangi kekarepané PKI sing arep njongkéng

46