Kaca:Kridha Basa 1.pdf/25

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

II.A.Walandi puguh, boten purun ngulungaken Irian Barat dhateng bangsa Indonesia.

Puguh tegesé ora gelem miturut, ngukuhi panemuné dhéwé.

Watak ing ngisor iki ditembungaké kepriyé? Mara golekana candhakané sing wis cumawis ing sisih tengen!

1. Ngendel-endelaké trahing ngaluhur.

2. Rumaket ing pamitran.

3. Gampang mèri marang kabegjaning liyan.

4. Dhemen adul-adul.

5. Tansah ngandhut rasa kuwatir.

6. Ngugemi beneré dhéwé.

7. Kudu unggul, emoh asor.

8. Dhemen mitenah ing liyan.

9. Gampang muring.

10. Mutungan.

a. cugetan

b. candhala

c. adigung

d. sumanak

e. mèrèn

f. parawadulan

g. sumelangan

h. mbrekunung

i. brangasan

j. sumungah

B. Walandi puguh, boten purun ngulungaken Irian Barat dhateng bangsa Indonesia.

Puguh kosok baliné nurut.

Tembung-tembung ing ngisor iki gawénen ukara sing luwes, banjur golèkana kosok baliné!

1. andhap asor

2. kendel

3. sentosa budiné

4. luhur budiné

5. sumanak

III. Tuladha:

Presiden Sukarno ngumandhangaken Trikora.

Presiden Sukarno : jejer
ngumandhangaken : wasésa
Trikora : lésan

20