Kaca:Kridha Basa 1.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Wuninga glagat ingkang mutawatosi punika, Komodor Yos Sudarso lajeng paring dhawuh, bilih panguwaosing pimpinanipun patroli kapundhut. Komodor Yos Sudarso lajeng dhawuh dhateng RI Macan Kumbang saha RI Harimau supados sami nebih. Wondéné RI Macan Tutul piyambak lajeng nglelèdhèk mengsah.

Rékadayanipun Komodor Yos Sudarso punika tetela wonten wohipun. Sapunika kawigatosanipun mengsah namung tumuju dhateng kapal RI Macan Tutul. Perang tandhing antawisipun RI Macan Tutul kaliyan kapalipun mengsah punika temtu kemawon boten babag. Awit kapalipun mengsah punika asikep senjata jangkep tur sarwa modern, kathik taksih dipun amping-ampingi montor mabur kalih ingkang keklinteran ing gegana. Boten nggumunaken, boten antawis dangu kapal RI Macan Tutul dalah sedaya ingkang sami nitihi kèrem wonten ing dhasaring seganten. Ewasemanten, sadèrèngipun kèrem, Komodor Yos Sudarso taksih saged paring dhawuh lumantar radhio supados bangsanipun ingkang tinilar nglajengaken mbudidaya ngrebat wangsulipun Irian Barat ngantos kecepeng.

Saèstu, Seganten Arafuru dados seksi kèremipun RI Macan Tutul saha guguripun Komodor Yos Sudarso, Kapten Pelaut Wiratno dalah para prajurit TNI Angkatan Laut sanèsipun, ingkang sami dados bebanten wangsulipun Irian Barat wonten ing salebeting wewengkonipun negari Republik Indonesia.

B. Wangsulana kang patitis, abasa krama!

  1. Apa sababé Presiden Sukarno ngumandhangake Trikora?
  2. Bubar ngumandhangake Trikora Presiden Sukarno banjur ndhapuk apa?
  3. Apa wigatiné déné Komodor Yos Sudarso nganglang ana ing Segara Arafuru?
  4. Apa wigatine déné Komodor Yos Sudarso dhawuh supaya RI Macan Kumbang lan RI Harimau padha sumingkir ngedohi RI Macan Tutul?
  5. Apa rékadayané Komodor Yos Sudarso kuwi ana asilé? Endi buktiné?

19