Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/51

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Pramesti Mutiara Agni Pamari

Pegawai Dewan

Ing jaman saiki
Kang diarani jaman modhernisasi
Maneka pakaryan bisa kasiasati
Barang kang ora ketok wae bisa kanggo kardi

Nanging kahanan urip ana ndesa
Bisane amung ngendelke tenaga
Kayadene pakaryan iki
Pegawai dewan arane
Dudu pejabat, dudu konglomerat
Anggone makarya munggah mudun wit klapa

Kae,lek paijan
Kang saben dina gaweane penekan
Ora preduli panas,ora preduli udan
Yen wis mangsane, gage budhal ngayahi kewajiban

Wayah isuk jago kluruk
Kabeh sangu wus tinata
Bumbung lan deres sangune
Semana uga wayah sore

Methangkring ana wit klapa
Nadhahi iline legen
Kang dadi sumbering panguripan

38

KRAKITHA KALAH WEGIG