Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/52

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Sengkut saka siji lan sijining wit
Sinambi nglaras tetembangan
Nguda rasa marang kang kuwasa
Dimen sayah lungkrah dadi bungah
Paiting tlutuh manggis karasa manising gula jawa

Pancene bot repote wong bebrayan
Kabeh kui wus dadi tanggungan
Kanggo ngayahi kabutuhan
Kareben uripe sarwa kacukupan

Antologi Geguritan, Esai, Cerkak Bulan Bahasa dan Sastra

39