Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/32

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Muhammad Rifan Fachrian

1. Wardaya Kangen

Aku kangen
Rena, bapa, lan adhiku
Saben dina udrasaku netes ing pipi
Nggawe bendungan saernawa

Dahana kangen ngobong wardaya
Dhuh Syang Hyang Widi
Kula nyuwun tamba kangen iki

Wardaya peteng tanpa cahya
Ratri kadya setra
Gegawa lungane baskara
Peteng tanpa candra, tanpa kartika

Nangis mbrebes mili
Nganti netra iki dadi mbranang
Amarga duwe kekayun
Sing mung dadi lelamunan

Kekayunku mung golek obat kangen
Kaya kakayun anggayuh lintang
Amung wektu sing bisa mangsuli kangenku
kapan aku bisa ketemu

Sabar lan syukur
kunci saka kabeh iki
muga wektu bisa cepet lumaku
kanggo nambani kangenku

Antologi Geguritan, Esai, Cerkak Bulan Bahasa dan Sastra

19