0 Ibu saka njero omah. “Kula wau kepanggih Ditya wonten pasar, Bu. Lajeng omong-omong sekedhap.” “Lho, Ditya kanca SMA-mu kae? Kepriye saiki kabare?” “Inggih, Bu. Samenika Ditya benten sanget kalih rumiyin. Kados saweg nandang sungkawa. Ananging kula mboten ngertos punapa ingkang njalari. Benjang Rebo Ditya badhesanjan mriki.”
“O...ngono, ya uwis sesuk Rebo ditemoni, Ibu ora bisa nemoni amarga arep lunga. Menawa bisa kowe mbantu Ditya, sapa ngerti dheweke lagi ana masalah.”
“Inggih temtu, Bu”
“Blanjane digawa menyang pawon, gek diraciki janganane!”
“Inggih, Bu!”
Rebo sing dak tunggu-tunggu uwis teka. Kira-kira jam 9 awan mesthi dheweke teka, rasanku nang ati.
“Kulanuwun.”
“Mangga. Eh Ditya, kene mlebu, lungguha dhisik!”“Ya Nung, nuwun.”“Kepriye mau, ora kesasar, ta?” pitakonku karo ngladekke wedang. “Ya ora, masalahe mbiyen kerep dolan mrene. Ngomahmu kok sepi. Bapak-ibumu tindak ngendi?””Agek padha tindakan. Embuh ana acara apa aku kurang ngerti.”“O...ngono.”“Kepriye?”
“Ngene Nung, kaya janjiku minggu wingi. Menawa aku bakal crita karo kowe babagan kahananku saiki. Nanging kowe perlu ngerti Nung, aku crita iki mung karo kowe, wong liya ora padha ngerti kahananku sing sejatine. Aku percaya menawa kowe bisa njaga atiku. Kowe ora bakal nyebarke karo wong akeh, Aku percaya karo kowe, Nung.”“Iya Dit, aku bakal njaga atimu. Sakjane apa wae kang wis kok alami patang taun kepungkur iki. Jujur, Dit. Ketoke kowelagi wae etuk masalah gedhe.”
“Mengkene, lebar lulus SMA aku karo Ibu melu dadi TKW nang Malaysia nanging ilegal. Aku ngerti menawa risikone gedhe, nanging kepiye maneh. Mumpung ana sing nawani. Aku kepengin banget ngrewangi Ibu golek dhuwit. Sapa ngerti bisa nerusake kuliah nganggo dhuwitku dhewe. Mangkono angen-angenku mbiyen. Ananging kuwi kabeh mung dadi impen. Saiki aku malah kaya mengkene. Awakku rusak, Nung.” tuture Ditya karo mrebes mili,
Aku uga melu mrebes mili. Nasibe Ditya ngenes banget. Sanajan aku durung ngerti kepiye dheweke nang Malaysia kana, nanging aku mbedhek mesti dhewekenang kana dipilara.