Menyang kontèn

Kaca:Kidung Megatruh.pdf/76

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

ORA SAENDAH PENGANGEN-ANGEN Apri Nur Wulandari

Aku ora nyangka menawa lungaku menyang pasar, Minggu wingi, bakal ketemu karo Ditya, kanca lawas nalika SMA. Mung dak ngetke, dakeling-eling sapa sakjane dheweke amarga aku rumangsa uwis tepung suwe. Aku pangling, dheweke saiki beda banget karo biyen. Nalika SMA dheweke katon resik awake, putih kulite, lan akeh guyune. Ananging saiki, awake kaya ora dirumat, reged, kaya uwong kang lagi nandang sungkawa.

“Mesthi kowe pangling karo aku sing saiki, Nung?” dheweke miwiti omongan karo ngajak salaman. “Apa kowe Ditya, kanca SMA-ku mbiyen?” pitakonku kanggo mantepke atiku dhewe. “Iya bener, iki aku Ditya kanca raketmu biyen! Aku pancen beda karo biyen. Akeh sing njalari aku dadi kaya mangkene.”

“Ditya, atiku seneng banget bisa ketemu karo kowe, kanca raketku mbiyen. Menyang endi wae kowe sajroning patang taun kepungkur? Kok ora ana kabar? Apa sing njalari kowe dadi kaya mangkene?” pitakonku kebak rasa gumun.

“Akeh Nung sing njalari aku dadi kaya mangkene, Kapan-kapan bae dak critani yen dolan menyang omahmu. Saiki aku lagi akeh gawean ngrewangi Ibu nang pawon.””Ya uwis nek saiki lagi akeh gawean, dak tunggu critamu. Ibuku mbok menawa uwis ngarep-arep blanjan iki. Kapan kowearep menyang omahku?”

“Rebosesuk wae kepriye? Koweora kuliah, to?” “Ya ora apa-apa, dina Rebo aku prei, kok!” “Yauwis, Nung. Aku mulih dhisik!”

  1. Ali-atinang ndalan!”

“Ya!”

Nalika ing ndalan mulih seko pasar, aku mikir nasibe Ditya saiki. Pitakon ngapa saiki Ditya dadi mangkono? Isih dadi teka-teki nang pikiranku.

“Kulanuwun!” “Nggih, kok suwe banget anggonmu menyang pasar?” pitakone