omongane karo Ningrum.
“Aku mrene arep ngajak kowe metu, ana sing arep tak omongke,” pangajake Toi. “Yo wis, ayo. Kayane penting. Mas, nunggu dhisik aku arep ganti klambi.” Sawise ganti klambi Toi lan Ningrum pamit marang Bu Lia. Limang menit Toi lan Ningrum tekan Tamansari. Cah loro padha ngomongkesekolah.
“Dek, saiki Mas wis kelas telu. Mas njaluk dongane adek supaya Masbisa lulus ujian,” jawabane Ningrum.
Let sakjam nang Tamansari, Toi lan Ningrum bali. Saka Tamansari Toi lan Ningrum mampir warung padha mangan soto nang daerah alkid. Sawise padha rampung mangan Toi lan Ningrum banjur bali.
“Assalamualaikum.”
“Waalaikumsalam,” wangsulane Bu Lia. “Seka endi, Rum?” pitakone Bu Lia. “Kula saking maem ten warung,” wangsulane Ningrum. Tekan omah, Toi lan Ningrum ngomong-ngomong saperlune, banjur pamit.
“Bukula badhewangsul rumiyin.”
“Ati-ati, I,” wangsulane Bu Lia.
“Dek, Mas, bali sek, ya.”
“Ati-ati mas.”
Jam lima sore, Toi tekan omahe. Motor dileboke nang jero omah. Toi banjurnemoni Mas Harry.
“Saka endi, 1,” pitakone Mas Harry ““Aku saka dolan nang kancaku, Mas,” wangsulane Toi. “Ya wis, lekadus kana aja lali salat maghrib karo mangan.”
Toi banjur tumuju kamar mandi adus. Rampung adus, Toi njupuk banyu kanggo wudlu arep salat maghrib. Toi njaluk donga Gusti Allah supaya bisa ngarap ujian sesuk lan lulus kanthi apik. Sawise rampung salat, Toi tumuju nang pawon arep mangan. Wes rampung Toi nemoni ibune njaluk donga supaya bisa lulus ujian.
Wengi iku Toi njekut sinau nang kamar. Ujiane telung dina. Sing diujianke yaiku Basa Indonesia, Basa Inggris, lan Ekonomi/ Akuntansi. Telung dina Toi nggarap soal ujian, alhamdulilah Toi isa ngrampungke. Toi banjur dek-dekan soale lulus ora. Ditunggu-tunggu pirang dina ndilalahe guruneToi teka nang omahe nggawa surat kanggo Toi.