Banjur Toi tumuju kamar mandi arep wudhu lan salat maghrib. Rampung neng kamar mandi, Toi manasi sego lan jangan kanggo mangan bengi. Ora let suwe, Mas Harry bali saka bal-balan. Wengi kuwi, keluwarga kuwi padha rembugan kanggo persiapan wisudane Mas Harry.
“Har, sesuk kancamu padha teka mrene ora?” pitakone ibune. “Paling rencang griya, Bu,” wangsulane Harry “Mbak Lina melu ora, Mas?” pitakone Toi. “Muninearep melu,” wangsulane Harry,
Jam sepuluh esuk iki sak keluwarga ditambah Mbak Lina arep nang kampus. Nang kana mung foto-foto lan ngenei ijazah. Sawiserampung sak keluwarga padha bali nang omah nglesanaake syukuran. Ndilalahe nangarep omah ana wong nunggu yaiku kancane mas Harry arep ngucapke slamat. Wusanane kancane padha mlebu omah lan mangan sega kuning bareng-bareng.
Sawise rampung kanca-kancane mas Harry isih dolan nang omah. Toi ora melu ngomong-ngomong nanging ngrewangi ibune nang mburi ngasahi piring lan gelas sing dianggo syukuran. Rampung asah-asah, Toi pamit karo ibune arep dolan nang kanca cerake,
“Bu, kula dolan nggih,” pamite Toi.” Arep dolan nang Mbak kae, ya?” pitakone ibunesumeh. “He... he,” wangsulane Toi karo ngguyu.
Limolas menit Toi teka nang omahe Ningrum. Ndilalahe Ningrum anaing terasomah lagi maca buku. Ningrum bocah wadon enem belas taun, saiki dheweke SMA kelas loro. Toi kenal Ningrum wis setaun luwih, dadi saiki kanca cerak. ToinangomaheNingrum arep ngajak dolan.
“Assalamualaikum,” Toi uluk salam, “Waalaikumsala,”
wangsulane Ningrum. “Lagi ngapa, Dek?” “Njki lagi maca cerkak karyane Pak Bambang.” “Kadingaren Mas Toi mrene?”
Durung nganti mangsuli pitakone Ningrum, Bu Lia, ibune Ningrum njedul. Gragapan,Toi banjur nyauri Bu Lja,
“E...Nak Toi, kok suwe ora mrene?” pitakone Bu Lia. “Badhe nyaosi pirsa. Benjing wonten griya badhe ngadani sukuran, Bu,” wangsulane Toi. “Duwe gawe apa?” “Sukuran kangge mas Harry ingkang sampun wisuda” “O... wisuda, njuk arep nglamar kerja nang ngendi?” “Badhe nglamar dados PNS,” “Apik kuwi ya wis salam nggo Masmu. Gek kana diteruske.”
Banjur Bu Lia ninggalake bocah loro, Toi langsung nerusake