Kaca iki wis divalidasi
Pageblug
Dening: JauharotunNafi'ah (9C)
Ing Nuswantara...
Kahanan saya suwe tansaya nggegirisi
Pageblug sing wis sak mangsa
Dirasa para warga sakdonya
Sakanane pegawean
Sakanane kagiyatan
Mati plethes
Sepi mampring
Golek sandang pangan tansaya angel
Sesambate para warga ngaruara
Duh Gusti....
Kapan pageblug iki bakal sirna
Akeh cacahe sing lara
Lan uga akeh sing padha tilar donya
Rina wengi tansah sesambatan
Virus Corona arane
Tansaya sumebyar
Ing tlatah Nuswantara
TIPOLOGI GEGURITAN l 49