Kenya Rok Biru
65
Nganti rada suwé enggonku ngadeg ana sangareping hotèl kono. Atiku manḍeg-mangu lan kuwur, awit jiwaku kaya-kaya tansah ngetutaké lakuné kenya rok biru kang mlebu menyang hotèl. Beneré aku arep ndeleng buku tamu, nanging bareng dak-rasa tindakku kurang patut, mula aku banjur trima mulih nglentung, karo semplah atiku.
Tekan Tegalpanggung aku terus mapan turu. Kebeneran mas Parta sekaliyan durung kondur. Bengi iku aku ditari mangan déning ibuné Rara Tisnawati, nanging aku ara gelem, sengadi yèn mentas disuguh kanca, mulané aku terus tutup kamar. Nganti bengi aku ora bisa turu. Atiku tansah merem-melèk baé, awit tansah isih ton-tonen kenya rok biru baé kang tansah gawé gandrunging jiwaku. Dilali-Iali tansah saya ngranuhi, saya gawé tambahing brangtaku. Wewayangané tansah cumitak ing panonku ora bisa ilang. Aḍuh ... jiwaku sambat-sambat, nganti ora rinasa aku banjur ura-ura lirih, tembangé pangkur, wewarahé ibu cilikku:
Wonten candraning wanita,
kang susila anor-raga ing krami,
seḍeng dedegipun,
renyah wicaranira,
rikma wenes amemak angembang bakung,
wimba ananggal sepisan,
nétra njahit liyep alindri.
Iku prayoga ginarwa,
bekti laki mbangun turut sakapti,
aran 'Senḍang-Sanga' yèku,
pantes kinarya garwa,
gung sihira lan gung rejekinipun,
awètan wanita ika,
tentrem lan ayeman ati.
Aḍuh, apa iya bener 'temenan 'tegesé tembang iku? Mangka yèn ndulu menyang candrané kenya rok biru mau teka ngepleki temen karo tembang mau, gèsèha ya mung setitik banget. Yèn nyata bener kaya mengkono mesti bakal begja kemayangan banget sing bakal mengku kenya mau. Aḍuh ... awak, awak! Apa aku bisa kelakon mengku kenya rok biru iku? Mangka kenal baé durung, mengkono uga ora ngerti omahé pisan. Ah teka nglengkara temen pikirku iki, anggandrungi wong sing durung diweruhi ing sakabèhané. Tiwas-tuwas 'temen!
Any Asmara, Grombolan Nomer 13,
Surabaya, 1956.