Kaca:Isih Ana Kaelokan.pdf/9

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

ngendikan mesthi sareh lan alus. Saiki aku di-getak² wong tanpa dosa.

 "Sapa sing njenengke kowe Trinil ndhuuuuuk," pam- bengoke.

 "Anu ndara . . . sekolahan." Wis kebacut keprucut gunemku sing salah. Durung nganti dak benerake ndara senior kuwi wis mencak² nesu: "Goblok, gobloook; kaya ngono gobloke kok arep dadi mahasiswi. Hm, kudu dak kapakake bocah iki ya."

 "nDara, kula nyuwun kawelasan, kula ingkang lepat," aku wis wiwit prembik² wedi kena paukuman kang abot utawa gawe wirang. "Ingkang maringi nami Trinil punika ndara² Senior."

 Embuh amarga nyawang awakku sing kuru kuwi, apa amarga luhku, aku ora ngerti, nanging ndara senior kuwi ora nerusake pitakonku.

 "Endi kartumu?" ngono prentahe kanthi tembung kang rada sareh.

 Kanthi tumungkul kartu dak ulungake. Mesthi dheweke maca jenengku: Tri Widati Parto kusumo. Aku mbatin mesthi dheweke nyawang potretku rada suwe tan banjur ngapalake alamatku barang. Muga2 bae kabeh kang kapacok ana ing kartu kuwi bisa ngedohake aku saka paukuman.

 "Hm, jenengmu kapiken. Mengko tekan ngomah matur bapak ibu supaya diganti Keblak ngono ya." Aku nggeget lambe ngampet rasa serik, nanging isih bisa sumaur: "Inggih ndara." mBokmenawa aku pancen kaya keblak. Rambut diklabang dadi rolas ler, ditaleni godhong gedhang, rok pating kedhobroh sambung2 an, ngindhit sapu lan caping, pantes yen kaya keblak. Mengko aku arep ngaca maneh sawise tekan ngomah.



-8-