Kaca:Isih Ana Kaelokan.pdf/8

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
11

 Kaya film kuno diputer maneh; lelakon telung taun kepungkur pating jredhul metu saka siji, runtut kaya nam² an payon sandhuwure paturonku..

 Pemudha mau jenenge Edwin. Genepe Edwin Hutabarat. Kepethuk sepisanan ana ing peploncowan.

 "Sapa jenengmu?" panggetake. Katujune aku wis kerep didongengi mbak Dwi lan mas Agung kepriye carane ngadhepi senior2 kuwi.

 "Trinil," wangsulanku lirih semu wedi.

 "Apa ilatmu cedhal, kok ora bisa nyuwara banter?"

 "Trinil, senior," aku ngambali wangsulanku luwih sora.

 "Apa? Senior?" dheweke tansaya nesu. "Aku ini ndara, ngerti?"

 "Inggih ndara," wangsulanku tumungkul. Aku rada dheg2 gan, amarga olehe. nggetak2 kok tenanan.

 "Ha, rak ngono, muni ndara bae kok dhingkluk. Apa aku ana ing jempolane sikilmu?"

 Amarga wedi aku..ndengengek, nyawang dheweke.

 "Sapa sing mrentah kowe ndangak??" anggone nggetak aku karo mentheleng. Aku age2 ndhingkluk maneh "hm, cilaka tenan ane," batinku.

 "Sapa sing menehi jeneng Trinil?" Aku bingung golek wangsulan kang kira2 nylametake awakku. mBokmenawa kesuwen anggonku mikir, ndara Senior kuwi wis gedrug2 nesu. "Bocah budheg, ditakoni ora wangsulan. Apa kepengin tak ukum ya?"

 "mBoten ndara," wangsulanku seret. Luhku meh netes. Aku kelingan bapak kang jarene kanca2 ku kolot kuwi, yen


-7-