Kaca:Het boek Adji Såkå.pdf/15

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

git sastra Sandi : Dasanama : Condra Geni : Wiwaha : Bima Shuci. Tiyang Bang Kilén sami amangéran dhateng Ajisaka. Anunten Ajisaka sisilih nama Shang Hyang Mudhik Bathara. Sakabatipun sangsaya kathah, sami saged-saged sadaya, sarta sampun sami kalilan amumulang.

Ajisaka  ayasa mariyem ageng satunggil rontaka sakawan bendhé wolu, gendé kakalih, sarta anyipta telagi, ing tengah wonten pulonipun, sadaya yasanipun punika dados tetengeran, sinten ingkang kuwawi anjunjung mariyem mau, ngalamating tembé badhé angsal singgih, bilih bendhé kaliyan rontoka ical takbiranipun badhé wonten perang ageng, yen mantuk dalajat badhé kerta, sinten ingkang saged ngelangi saking pinggiring telagi dumugi pulo, punika ngalamat badhé manggih kamukten.

Ajisaka nunten karsa nglalana, ingkang kadhawuhan tengga depok ing Kabuyuthan sakabat satunggil anglangkungi  wasisipun kawenangaken angeréh sakathahing sakabat, sabarang kawruhipun Ajisaka sampun kacakep, kaparingan nama Mudhik Bathara. Wondéning ingkang tumut salampahipun Ajisaka : namung sakabat  sakawan, saking kilén urut pasisir, mangétan sumeja badhé dhateng ing Bali, pinten-pinten rêdi ingkang  dipun ambah, sakathahing nagari utawi padusunan ingkang kalangkungan ing Ajisaka, sami nungkul sadaya, titiyang ngipun sami anguguru ngélmi, sarta anguguru sastra.