Kaca:Het boek Adji Såkå.pdf/16

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Akathah warnining sastra : anggitipun Ajisaka, kaloréyan manawi kacariyosna sadaya.

Sarêng Ajisaka sampun anjajah nagari Bang Wétan sarta anyangkalani sakathahing rêdi ingkang dipun ambah, lajeng wangsul mangilén urut pasisir malih, anjog ing Banthen ing Jakartha: ing Karawang: ing Carêbon: ing Brebes ing Thegil  ing Ngasthina: ing Batang: ing Kendhal ing Kaliwungu: ing Semawis, anunten ngambah seganten ngancik ing pulo Kélor, wonten ing ngriku kendel, lajeng dhateng pulo Majethi, saking pulo ngriku lumampah dhateng ing Danaraja. Sabatipun kakalih : anama pun Dora kaliyan pun Sembada : katilar wonten ing pulo Majethi wau, arumeksa kagunganipun  wangkingan, Ajisaka andumugékaken lampah, anjog ing Pajangkungan, saengen-engenipun kéndel amumulang, pinten-pinten ingkang sami nyakabat, saking ing Pajangkungan anjog ing Surapringga, wonten ing ngriku angraos  pakéwed, lajeng lumebet ing nagari Mendhang Kamolan.

Lampahipun Ajisaka kéndel wonten dhekah ing Shangkéh, mampir griyanipun Rondhda Shengkeran, adangu kéndel sajawining kori, rêmen aningali pasang rakiting patamanan tatanemanipun kathah warni-warni, mangsanipun saweg angemohi, ing ngandapipun rêsik, sakiwa tengenipun dhekah wau kathah ingkang anggriyani. Wondening ingkang gadhah padhekahan inggih Rondha Shengkeran, roso asugih sanak sa