Mones
Nyambut gawe banda otot. Dadi tukang mebel melu Cina akeh rekasane. Bayaran saya suwe tambah mungkret. Urip ana kutha kaya Surabaya,
bayaran seminggu sewidak dipangan apane. Entek kanggo mbayar kontrakan lan pakane weteng. Ijir-ijir, dina Selasa isine dhompet mung kari
sepuluh ewu.
Watoni mendelik, “Cik! Garapan kursi modhel terpedho sampeyan undhakna!”
Nanging Cina wedok kuwi mung mecucu. Dhasar juragan cethil senajan sugih mblegedhu yen mbayari anak buahe saenake wudele. Mula Watoni wis ora kuwat melu juragan Cina kuwi. Tinimbang mulih nglenthung, neng nggudhang ana lim limang umplung dicangking pisan.
“Aku nggak nyolong, Cik. Iki minangka tempuhe bayaranku sing kok kenthiti saben minggu!” ujare.
Didol payu seket ewu. Lumayan wis kena kanggo cekelan tambah sangu mulih menyang ndesane, Winongan kana.
Nata ambegan dhisik. Mengko ngadhepi nak-dulure yen ditakoni werna-werna, geneya kok mulih. Wis, wangsulane pokoke embuh. Kabeh kanca sakpantaran esuk iki mesthi ngobahake bahu ngolah sawah. Nanging dheweke wegah yen arep dadi buruh tani maneh. Rasane wis mblenger gluprut endhut.
Oh, wong bara saka kutha. Oleh-olehane ora tambah nggantheng nanging tambah ngeyeyet kaya balungan tengkorak. Nalika sore padha sapejagong, kancane moyoki. “Ton, mbok ditraktir neng warunge Wak Sukur kana. Kopi sak gelas, tah!”
“Bathukmu!”
Wengi sawise sembahyang ngisak ana langgar, Watoni kemul-kemul sarung njujug menyang tegalan. Kangen karo nangkane. Ing mburine omahe kono wite nggrembuyung wohe ketel mbriyut. Ora krasa sikili nyaruk pathokan kayu kuburan pundhen. Watoni mgringis kelaran. Na-
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010
45