Menyang kontèn

Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/59

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

nging tambane mung mayar. Nangka sagenthong kuwi mung nyisa seprapat. Kewaregen ambegane menggeh-menggeh.

Regane triplek selembar nyandhak selawe ewu. Wik! Merga mung mbutuhake ukuran setengah mungsuh semester, bisa nempil marang Kang Rori. Pasang cagak pring, terus golek turahan ana gudhang. Ana sisa cet setengah umplung bisa dilaburake. Wiwit esuk Watoni wis nyempud anggone tandang gawe. Cag-ceg. Dhag-dhog. Rampung banjur dipasang ana ndalan persis ngisore cagak listrik kanthi tulisan nyolok: PATILASAN MBAH YONIWILANGAN.

Golek jeneng salumrah nganut pakulinane wong Jawa. Apa anane. Wong takon-takon marang tetuwane kampung kono kabeh ora ana sing mangerteni, sapa sejatine pawongan sing dipetak neng pekuburan kuna kuwi. Anggite jeneng awuran kuwi bakal nggawa hoki. Bakal ngrejekeni. Mikolehi. Muga-muga.

Temen. Seminggu sawise pasang papan nama, omahe ndadak katekan wong pepriman, gembel ledhis ora tau adus. Begjane awak. Tamu kuwi ditampa apa anane. Ditakoni jare ngaku-ngaku wong saka Banyuwangi. Keplayu merga kesangkut raja pati nalika rame-ramene isu dhukun santhet. Lan kepengin nenepi ing kuburan pepundhen kono kanggo golek sarana nemtremke ati.

Minggu dadi sasi. Reka dayane Watoni wiwit ngatonake kasil. Saiki panggonan mburine omah kuwi saya reja. Lunga teka wong saka liya kutha mrono saperlu ngalap berkah marang Mbah Yoniwilangan. Lan mbeseli dhuwit marang dheweke.

Rejeki sapa sing nyana. Nyambut gawe ngrumat “ide” pancen asile ngedab-edabi.

“Nuwun sewu!”

Pundhake krasa kaya ana sing njawil. Ditoleh. Sagrembyangan dheweke wis bisa mbadhe. Pawongan kanthi setel ngono kuwi mesthi wartawan. Nggawa tustel nggenteyong ana dhadhane. Takone ngalor-ngidul jarene golek referensi.

“Oh, njenengan mesthine penulis?”

“Leres. Samenika kantun nggathukaken patilasan ingkang wonten Mancilan mrika. Saking kateranganipun juru kunci, Untung Suropati nate meguru dhateng Mbah Yoni mriki?”

“Aaa… anu…, inggih ceceg…, eh cocog.”

Watoni kaya nemu dalan amba. Dheweke terus ngethuprus menehi katrangan marang si penulis kuwi. Dibumboni kaya micin sing kerep ditayangake neng iklan tivi kae. Supaya nges, supaya temen-temen urip lan nyata. Jare petilasan Mabh Yoniwilangan kuwi isih ana gandheng cenenge karo adage kutha-kutha ing tanah Jawa wetanan. Klop.

***

46

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010