bidhang paranormal iki, aku banjur nyoba sahabipraya karo paranormalparanormal asli minangka rekanan bukak praktek ing ngomahku. Nanging, ngertine para pasienku, kabeh mau sing nangani mung aku. Ya wis mangga-mangga wae, endi apike laah. Ora nganti setaun, aku ganti profesi minangka “paranormal”, aku bisa nuku omah sebelahku, marga tanggaku mau pindhah luar Jawa. Ppapan anyar kuwi khusus praktek bersama. Tamuku saya akeh kanthi maneka warna masalah. Klebu para pejabat pemerintahan lan angkatan. Umume wong-wong mau padha kebingungan merga polah pokale dhewe.
Saka lelakon ada-ada dadi paranormal karbitan iki, aku dadi tambah pengalaman lan terkenal, nanging hubungan kekeluargaanku karo sisihanku lan anak putu dadi rada renggang. Senajan anak-anakku wadon telu wis mentas lan wis yasa omah dhewe-dhewe, asring tilik aku lan ibune. Saiki rumangsa dikiwakake, malah sisihanku wiwit ndemo arang caturan. Wiwit nulaki pesenan catering, luwih seneng pindhah-pindhah nunggoni putune, njalari aku sering turu ijenan ing ngomah. Mangan lan ngombe kurang kerumat, kapeksa metu jajan ing warung. Malah ora bisa nulis utawa ngetik karangan maneh, ruwang kerjaku mbiyen nganggur. Aku kangen gawe crita cekak, crita sambung, crita rakyat, utamane jagading lan alaming lelembut maneh. Nanging, wektuku saiki prasasat mepet kesita kahanan.
Prastawa sing gawe nggliyeng lan mumetku, nalika sawijining wektu aku nampa pasien randha sugih, isih enom lan ayu. Duwe masalah dauberuber jaka lan dhudha sugih, nanging wis tuwa. Dheweke bingung merga ora ketarik karo lelorone, malah karo si dhudha kuwi, dheweke kipakipa gila, Dene, si jaka tansah mburok ngoyak, malah ngancam keslametane. Dheweke pasrah marang aku kepriye supaya bisa uwal saka lelorone, lan usaha garmene luwih ngrembaka.
Bali aji pas-pus lan kebul ngiringi dongaku….Rahayune panyuwunku marang Gusti diijabahi Kabul, Si Randha ayu mau bisa uwal saka bebaya, teka nggawa oleh-oleh sing gawe kodhengku. Lha piye coba, saikine dheweke njalk pangayoman marang aku ora wujud japa mantra, nanging njaluk aku supaya dadia bojone. Ora peduli sanajan dimaru. Mbuh ora urus sing baku tekade mung kudu dadi bojo enomku, senajan mure sepantaran anakku sing nomer loro. “Kula mpun mantep…Pak Dar minangka guru laki kula…titik”.
Mangka umurku saiki wis luwih saka seketan taun, kaya ngapa surake tangga lan kanca…. Ki Sapujagad ngalap papsiene merga randha enom tur ayu, sugih durung duwe anak… Ki Sapujagad dhukun delap, malah bisa disebut “samber nggelap”. Trataaban rasa kuwatir lan kodhengku, nalika dakkandhani, daktuturi tharik-tharik, dheweke malah njupuk peso penes cilik landhep ing meja praktekku, peso iku piranti kanggo ngrajang
410
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010