Mangka sing jenenge ketemu barang alusan kaya kuwi blass aku durung nate, mung bisa ngrasakake “kehadirane”.
Ringkesane, aku wis tekan daleme Pak Ramidi juragan sembako sing omahe magrong-magrong, nanging pancen ana kesan singup. Ben katon ngyakinake, aku nyandhang cara metaraman sarwa ireng wiwit jarit surjan lan blangkon. Nganggo sarwa ireng ngene iki aku luwih pedhe. Aku ngiteri omah gedhong kuwi, mlebu kamar mbaka siji nganti tekan gudhang. Metu plataran saka ngarep tekan mburi. Ing saben panggonan sing marakake githokku mengkirig, aku mandheg nyumet hioswa ganda kayu cendhana karo umak-umik sabisaku. Nyuwung pitulung marang Gusti Allah lumantar kang kawah, adhi ari-ari, sedulur papat lima paner. Banjur ngidung pangruwatan pangkur gedhong kuning tilarane Sunan Kalijaga. Dak ajab kanthi alus supaya danyang sing nunggu omah iku ora ngganggu laku sikara, sukur gelem sumingkir adoh.
Ora gantalan wektu suwe Pak Ramidi sakeluarga mertamu maneh ing ngomahku, nganti rong mobil. Mbenthoyot nggawakake sembako lan uba rampene, lan isih ninggali amplop cuup kandel. Senajan aku banget pekewuh lan wola-wali daktolak, dheweke tetep meksa. Ngancam bakal medhot tali seduluran yen aku ora gelem nampani. Wiwit kuwi banjur dlidir wong padha teka ing omahku kanthi keperluan maneka warna. Kenal jenengku merga saka kekengseme maca karangan lelembutku lan takon alamatku marang redaksi, banjur merlokake nggoleki. Ketambahan kabar gethok tular sing disebarake Pak Ramidi. Malah saiki aku diceluk “Mbah” kanthi sebutan Ki Sapu Jagad. Rak tambah gendheng ta wongwong kuwi, kapan olehe mbancaki ngelih jeneng sakepenake dhewe. Jaragan cincing-cincing klebus, kaabeh mau kudu daktampa kanthi legawa.
Modhalku sabenere mung gathuk wani, menehi wewarah sing maton. Dakjupuk saka buku-buku koleksiku lan nyecep kawruh saka pakar kabudayan. Umak-umik donga Jawa campur Arab sabisaku, ethok-ethok menehi rajah lan rapalan. Penampilan kudu meyakinkan: kuwi mau kanggo nglegakake atine sing lagi nandhang reribet, butuh solusi. Nanging tenan…aku ora nate masang tarip, kabeh padha menehi sakekhlase. Ana sing nggawakake rokok, gula, kopi, teh, sembako. Sok ya pakean sapengadeg, sarung peci. Malah ana sing luwih kenthir maneh… Sawertara pasienku sing wis kasil daktulung masangake iklan koloman macak fotoku sing nganggo “kejawen” irengan ing laying kabar lan majalah. Aku ora mbayar. Ditambahi ukara-ukara, “Ki Sapujagad siap membantu menuntaskan problem keluarga Anda. Jodoh, asmara, pengasihan, pelarisan, puter guling, pasang susuk, asmak, dll.” Blaaik iki ngene, nggambar wong, apa njlomprongake aku?!
Kanggo ngawekani kabeh mau, aku kapeksa mbayari sekretaris nyantrik kanggo mbiyantu sekretarisku nemoni tamu. Kewalahan nangani
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010
409