Jeneng randha. Pancen cepak godhane. Mula ora aneh yen blantik sapi sing kondhang jeneng Sastro Lentho iku melu-melu nggodha randha umur patang puluh taun iku. Pawitan dhuwit sakgebung pepayone sapi siji, dheweke wani dolan nyang omahe Yu Gini. Dheweke duwe panemu yen wong wadon kuwi akeh-akehe mata dhuwiten.
Mara sepisan durung wani nembung. Dheweke mung mamerake dhuwite sing sakgebung iku. Mangka sejatine dhuwit kuwi dhuwit dagangan padolane sapi sing kudune ditukokake sapi maneh. Kok kanggo pameran? Padune duwe pamrih arep ngesir randha sing wektu iku diparani. Omongane nggedebus, jare dhuwit semono akehe iku dhuwit mrungga. Malah banjur dionyok-onyokake marang sing duwe omah.
“Kowe kuwi pa gak butuh tambahan pawitan ta, Ni?” pitakone karo ngyeyeki dhuwite sing sak gebung iku. Ana eketan ewon, ana rong puluhane, lan sing akeh puluhan ewon.
Yu Gini nyawang dhuwite Sastro Lentho karo mesam-mesem. Batine, kadingaren wong lanang ing ngarepe iku tawa dhuwit. Mangka dheweke kuwi kondhang cethile. Aneh. Iki mesthi ana pamrihe. Pol-pole mengko rak dikon nganaki. Sing sudi sapa? Bakul gendhong kaya dheweke iku ora mbutuhake pawitan kang akeh. Pawitan selawe ewu wis mubramubru. Yen bangsane jamu pegel-linu, kuku bima, keling, kenis, bisa njaluk dhisik ing toko, mbayare keri. Mula randha anak-anak loro kuwi banjur wangsulan.
“Mboten kok Dhe, dodol jamu ideran kados kula niki mboten betah modhal kathah. Kekirangane saged bon riyin teng toko.”
“Lho, lha timbang ban-bon, rak penak mbayar kontan, gak dadi pikiran. Pira butuhmu, gilo …” kandhane Sastro Lentho karo mamerake dhuwite. “Iki dhuwit nganggur kok.”
“Mboten kok Dhe, matur nuwun. Bon-na nika, nek pendhak enjinge kula bayar, terus mendhet malih.”
Sastro Lentho gela. Pranyata anggone mancing randha kanthi nawakake dhuwit sakgebung ora ditampa. Dheweke trima bali mulih. Nanging dudu Sastro Lentho yen liya wektu ora golek cara kanggo nelukake randha ayu sing digandrungi kuwi.
Dheweke mara maneh nyang omahe Yu Gini. Nyedhak-nyedhak karo bisak-bisik, sajak ana prakara wigati sing perlu dibisikake. Dheweke tawa-tawa nukokake gelang-kalung marang Yu Gini, watone wong wadon iku gelem nuruti karepe. Sastro Lentho yakin yen kanthi cara mengkono Yu Gini mesthi keglewang atine. Jebul pandugane iku mleset. Bakul jamu iku malah nesu.
Gelang-kalung sing diseleh ing meja sangarepe iku dicandhak, banjur dibalekake marang sing menehi. Ulate mbesengut, mripate mencereng kaya macan mandeng calon mangsane. Kandhane santak.
24
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010