Somdani
Sastro Lentho mrekitik atine bareng meruhi dhayohe Yu Gini ora
mekakat akehe. Atase Yu Gini iku randha, ewadene kok gawe pengerameram kaya mangkono. Anggone duwe gawe mantu gedhen, nanggap
klenengan “Merdika Laras” sing taripe klebu larang. Gek sindhene wae
ora trima loro, nanging malah papat. Ayu-ayu tur larang tanggapane.
Sastro Lentho grenengan, kaya wadul nyang bojone, “Ha, iya, atase Gini
kuwi randha, kok wani duwe gawe gedhen kaya ngono. Apa padune
golek wah, pa piye?”
“Ya gak ngono, Pak! Gini kuwi anake rak mung loro glitho. Sing siji lanang, mula mumpung mantu anak wadon, terus digawe gedhen ngono kuwi….”
“Ha, ning rak ya kudu nganggo dietung. Atase randha ora duwe wong lanang, kok nanggap klenengan sindhene jagatan. Mengko nek nandhang utang, sapa sing nambeli?”
“Kuwi yaw is dipetung, Pak! Anane wani kaya ngono, lha wong nyatane tamune ora umum akehe.”
“Halah, aku ngono gak sulap karo akehe tamu. Akeha kae, wong sumbangan cilik, mangsa bisa nutup ragat?”
“Aja ngemengke karo Gini lho, Pak! Dheweke ki akeh srawunge, wong bakul jamu. Tur Gini kuwi sregep nyumbang lan saben nyumbang mesthi nggawa gawan, gula teh, beras, lan liya-liyane.”
Sastro Lentho rada kalah rembug karo sing wadon. Awadene meksa ngetokake aji pengeyelan, “Haiyah, wong ora ngerti saben dinane, kok crita! Sing mesthi, bubar duwe gawe ya tangisan kuwi thik, apa? Sing arep kanggo tambel apane? Ayune…?”
“Lho, lho …, kok tekan ngendi-endi, Pak omonganmu! Ora tambel lho awake dhewe iki! Kok semune ngenyek sampeyan kuwi karo Gini! Mbok wis bene, bathi-rugi rak disangga dhewe, ta?”
“Ya wis …, rewangana kana dulurmu kae…!”
Sastro Lentho nglungani. Runtiking atine iku sejatine ana sejarahe. Merga dheweke wis taou diwirang-wirangake dening Yu Gini.
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010
23