Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/316

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki wis divalidasi

Bareng wis mikir suwe, wong tuwa kuwi nuruti karepe anake lanang, ngiras pantes ben weruh kahanane kutha Jakartasing durung tau diweruhi iku. Karsono lega atine, malah ing batin ngira yen baapake mengko bakal luwih krasan timbang urip ing padesan.

Sawise ninggal wekas akeh-akeh marang anake wedok, Karsiyem lan mantune, Pak Midin nuruti karepe anake lanang budhal nang Jakarta. Ing rehning budhale uga numpak pesawat, dina iku uga jam telu awan wis teka ngenggon.

Sawise mudhun ora nganti ngenteni suwe, langsung mlebu mobil sing wis ditelpun sadurunge. Lan mobil iku yaw is terus tleser-tleser ninggalake Cengkareng. Sadalan-dalan Pak Midin anane mung gumun dene ing dalan-dalan kok kendharaan ora tau ana pedhote sarta kiwa tengen gedhong-gedhong sungsun.

Ana ing ngarep omah mewah, mobil mandheg. Sawise dibukakake lawang, Pak Midin digandheng anake lanang, dijak mudhun.

“Iki mampir neng ngendi?” pitakone wong tuwa kuwi.

“Niki mpun dugi, Pak. Nggih niki griya kula,” wangsulane Karsono.

“Heh…? Omahmu?” Pak Midin gumune ora entek-entek. “Mah...,mah... ini Bapak,” cluluke Karsono marang sisihane, Kenalkan, ini orang tua saya.”

“Bapak, iki mantumu, Pak...”

Wong loro kuwi salaman, nanging sang mantu katone anyep tanpa greget, ketara saka polatane. Wong tuwa iku terus digandheng dijak mlebu-mlebu, dituduhi kamar-kamar, ruang makan, ruang tidur, pawon lan liyane maneh.

“Lha Bapak mangke sare kamar mriki. Sebelah menika kamar mandhi. Dados mengke nek dalu kedah dhateng kamar mandhi, mboten sisah mbikak kori.” Karsono nggenah-nggenahake. Kanggone Pak Midin rasane kaya ana sajroning pangimpen wae. Merga sajege urip, lagi iku mrangguli omah mewah kaya ngono.

Dina candhake Sabtu disambung Minggu. Karsono ora ngantor, nglencerake wong tuwane. Sawise katog mubeng-mubeng kutha, wong loro rumangsa marem. Dina-dina sateruse, yen pinuju anake lanang libur, dheweke seneng ana kancane ngobrol. Swasanane regeng. Nanging ing dina-dina biasa, Karsono tekane ngomah nganti jam pitu jam wolu. Pak Midin rumangsa kasepen. Karo anak mantu ora tau ngomong. Apameneh mantune kuwi tansah sibuk mrana-mrene, arang dsbs omsh, snsk siji sing momong baby sitter.

Seminggu ana Jakarta, merga ing desa tansah ana kesibukane, mangka saiki ana ngomah wae, awake krasa kaku kabeh. Kabeneran ing mburi omah ana tugelan pring, terus disisiki, arep digawe pager mburi sing ditanduri bayem.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

303