Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/315

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Pak Midin sing lagi iwut ana mburi gage-gage mengarep. Wong loro terus gapyuk ketang anggone padha kangene.

“O, Bapak, lak sami sugeng ta Pak?”

“Iya, Nang… slamet. Lha awakmu piye? Rak ya padha kuwarasan, ta?”

“Pangestune Bapak, nggih sehat-sehat,” wangsulane karsono karo ngulungake tas kresek isi roti karo jeruk marang bapake.

“Lha bojomu endi, kok ora mbok jak mrene?” pitakone bapake.

“Inggih, wong menika wau kula tugas dhateng Surabaya terus mampir mriki,” wangsulane Karsono, “Bapak taksih sibuk wonten sekolahan?”

“Ya wiwit sasi iki wis pensiyun. Malah iki aku oleh hadhiah sayuta, takenggo tuku bebek. E, kanggo tambah-tambah penghasilan. Lha kae kandhange ana mburi omah wis dadi.”

Sopire diacarani mlebu. Meruhi adegan mau, dheweke mung plonga-plongo nuruti lakune pikiran. Karsiyem metu ngetokake teh panas karo limping-limpung telo goring.

“Panganan ndesa, Kang. Mangga dirahapi!” pakone Karsiyem.

“Iya Yem,” wangsulane Karsono karo nyruput teh lan terus ngetokake oleh-oleh saka tase. Bapake ditukokake hem lan ponakane kaos.

Sawise reresik awak lan mangan sore, terus padha ngaso ana papan kang wis disedhiyakake.

Dina esuke yen biasane Pak Midi nana wae kesibukane, nanging dina iku disempatake ora nindakake kegiatan apa-apa. Saperlu njagongi anake lanang sing ora mesthi setaun pisan teka kuwi.

Sawise amem sawatara, Karsono mbukani rembug, “Pak...!”

“Heh...!” Pak Midin mangsuli rada kaget, sajake kok arep ana rembug kang serius. “Ana apa, Nang?” tembunge.

“Anggit kula, Bapak ajeng kula boyong teng Jakarta. Rak nggih kersa ta Pak?”

Rada suwe wong tuwa iku ora aweh wangsulan. Wusana.... “Nek aku arep kok boyong nyang Jakarta kuwi kanggone aku abot, Nang,” wangsulane Pak Midin tanpa penjelasan.

“Gek sing diawrati niku napa ta Pak? Simbok nggih mpun mboten enten. Sak niki bapak empun pensiyun, kantun saksenenge manah mawon. mengke kula klencer-klenceraken!”

“Gak isa, Nang...gak isa. Senajan embokmu wis ora ana, aku ora isa ninggalake desaku,” wong tuwa iku ngotot.

Sateruse mung padha meneng-menengan. Karsono golek akal, kepriye carane supaya bapake gelem diboyong menyang Jakarta supaya melu ngrasakake urip kepenak, ora pijer nyambutgawe kasar ana tegal-sawah wae. Suwe-suwe nemu akal.

“Nggih sampun, Bapak enten Jakarta sakbosene mawon. Mangke yen Bapak sampun bosen kula dheweke wangsul.”

302

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010