Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/296

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Ndaru kaget bareng weruh kahanan ing kene. Akeh warung kopi anyar kang bukak bengi. Apa maneh ing kono uga akeh wong wadon sing padha kluyuran. Nanging Ndaru sajak kaya ora perduli, banjur mlebu ing sawijining warung kopi sing ketok sepi.

“Unjukane napa, Mas?” pitakone tukang warung kopi sinambi nyawang Ndaru.

“Kopi jahe, Bu.”

Sinambi ngenteni pesenane, Ndaru terus kebal-kebul rokokan kanggo mbuwang rasa sepi. Bareng karo tukang wedang kuwi ngulungake kopi, ana wong wadon sing nyedhaki dheweke, nyilih korek kanggo nyulet rokok. Ndaru rumangsa risi dicedhaki cah wadon nakal kuwi. Apa maneh njur ngajak kenalan, mancing-mancing rembug. Ning Ndaru tetep puguh, ora kengguh. Nerusake anggone ngombe wedang jahe, sinambi terus sedhal-sedhul rokokan.

Udakara jam sewelas ana sepedha montor sing mandheg ana ngarep warung kono. Sawise ngedhunake wong sing mbonceng, sepedha montor iku bablas bali. Wong wadon sing diudhunake terus mlebu warung kono.

“Bar digawa metu, mesthi entuk dhobel, ya?” aloke tukang warung marang wong wadon kuwi.

“Apane sing dhobel! Malah mung dibayar separo, sing separo nggo losmen. Rada edan wong kuwi. Kepenake dhewe wae,” wong wadon iku nggresula.

Ndaru nyawang wong iku. Sepira kagete, jebul Bu Tanti, garwane Pak Brojo.

Bu Tanti dhewe ya kaget dene Ndaru ana kono. Ora wurung kekarone padha salaman, terus crita werna-werna, awit wis sawetara wektu ora ketemu.

Wis setaun iki, Nak Ndaru, aku nglakoni kaya ngene. Bapakmu awake nganti entek anggone mikirake aku. Kuwatir yen aku nganti ora bali,” kandhane Bu Tanti tanpa sungkan.

“Nanging rak inggih taksih asring kondur ta, Bu?” sambunge Ndaru. “Saben esuk aku bali. Dening bapakmu wis dicepaki wedang. Tenane aku ki ya ora diolehi nyambut gawe ngene iki. Meh saben dina aku dituturi. Bapakmu nganti direwangi pasa-pasa lan golek wong tuwa barang. Ning ya kepriye maneh, jenenge wong nyambut gawe, golek butuh.”

“Bapak rak inggih nyambut damel ta, Bu?”

“Iya, ning wis ora kaya biyen. Saiki wis tuwek, tangane wis suda akeh. Yen mung njagakake hasile dheweke, ora cukup.”

Saka njaba warung keprungu swara wong lanang undang-undang. Sajake langganan sing arep ngajak Bu Tanti. Sapungkure Bu Tanti, Ndaru mbayari kopi jahe-ne, ngawe becak dikon ngeterake menyang terminal

anyar.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

283