Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/295

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Lare ngriki, sinten lho Pak?”

“Darman, yogane Kamituwa Barno nika lho.”

Ndaru kaget. Darman biyen anggota Karang Taruna sing akrab bangetkaro bocah-bocah KKN. Dheweke uga ngerti yen Ndaru sajak mambu ati karo Narti. Yen pancen saiki Darman omah-omah aro Narti, Ndaru kepengin ketemu bocah loro kuwi, arep menehi ucapan selamat.

“Sakmenika Narti manggen griya kilen menapa griya wetan, Pak? Mboten ketang sakedhap kula kepengin pinanggih kaliyan Narti lan Darman.”

“Wonten griya kilen, griyanipun tiyang sepuhe Darman. Lek sampeyan badhe dolan mrika, menawi kula kenging emutaken, ampun sakniki. Gantos wekdal mawon.”

“Menawi sakniki kenging menapa, Pak?”

“Sakniki, rumah tangganipun Narti menika nembe ruwet. Darman kumat nakale. Saben dinten namung main saha omben-omben kalih kancakancanipun. Malah wonten kabar menawi Narti nyuwun pegat. Mangkemenawi sampeyan dolan ngrika, malah dipun wastani nglincipi carang papak. Awit nalika semanten sampeyan rak nate gadhah sesambetan kaliyan Narti.”

Ndaru ngerti apa sing dikarepake Pak Brojo. Mula, dheweke banjur murungake niyat anggone bakal ketemu Narti. Yen nekad, mundhak ana sing ngarani arep ngrusak rumah tanggane liyan, utawa ngrebut bojone wong liya. Sebab yen dheweke ketemu Narti tenan, Darman mesthi cemburu, lan aja-aja kekarone sida pegatan tenan.

Udakara jam sepuluh bengi, Ndaru pamit bali menyang Surabaya. Awit sesuk esuk kudu ketemu dhosen pembimbing skripsi ing kampus.

“Niki pun ndalu lho, Mas. Langkung prayogi nyipeng ngriki kema-won….” Sanajan ora kurang-kurang anggone Pak Brojo menggak kekarepane Ndaru, nanging dheweke tetep nekad bali. Sebab acara ing kampus sesuk esuk penting tenan. Apa maneh rasa kangene marang desa kono wis antuk tamba, senajan ora bisa ketemu Narti, bocah wadon singnate ngisisaperangan uripe.

“Empun nggih, Pak, kula mantuk. Salam kula kemawon katur dhumateng Bu Tanti,” pamite Ndaru, terus jumangkah ninggalake omah iku.

“Inggih, Mas, ingkang ngatos-atos wonten margi. Mbenjang menawi sampun lulus kula aturi dolan mriki malih.”

Ndaru banjur tumuju terminal lawas. Arep golek becak dikon ngeterke menyang terminal anyar. Sadurunge budhal menyang terminal anyar, kanggo ngangetake awak, dheweke golek kopi jahe ing warung kopi ing ngarep terminal lawas.

282

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010