LAWAS Sumono Sandy Asmoro
Wanci surup kendharaan sing ditumpaki Ndaru mlebu wilayah Ponorogo. Ing pinggir dalam katon patung reyog, komplit sak jathil lan gunungane, sing pancen mujudake kesenian khas. Weruh iku nom-noman kuwi kok terus eling nalika dheweke KKN ing dhaerah kono, ing wilayah Tonotan sing nganti saiki isih nyimpen kenangan. Mula, ora ketang sedhela, Ndaru terus arep mampir nyang daleme Pak Brojo, sing biyen dadi Poskok KKN. Ndaru rumangsa kepotangan budi marang kulawarga kuwi.
Omah modhel lawas sing dumunung ing kidul dalan kuwi katon sepi. Nanging lawang sisih kiwa menga. Ndaru nyicil ayem, iku tegese sing kagungan ana ndalem.
“Kulanuwun…,” Ndaru uluk salam, ngadeg ing ngarep lawang.
Durung nganti ngambali anggone uluk salam, wis ana wong lanang sing nyedhak menyang arahe lawang. Ndaru rada pangling, apa bener wong kuwi Pak Brojo? Biyen nalika dheweke melu manggon ing omah kono, awake Pak Brojo iku lemu. Nanging saiki kok kuru banget, presasat kari balung kibuntel kulit.
“Mangga, madosi sinten, Mas?”
Bareng wong iku manggakake, Ndaru ora pangling, cethak yen iku swarane Pak Brojo. Dheweke banjur mandeng wong sing ana sangarepe kuwi sinambi ngumbar esem.
“Sampeyan menapa pangling kaliyan kula, Pak Brojo?” Ndaru semu njajagi.
“Oh, Mas Ndaru ta. Saestu Mas, kula pangling. Wah, sakniki ketingal benten kok Sampeyan,” sambunge Pak Brojo grapyak semanak marang tamune.
Dening Pak Brojo banjur diajak mlebu. Kekarone rembugan gayeng. Saka polatane kena diwaca yen Pak Brojo seneng banget disambangi Ndaru. Awit nom-noman kuwi ndhisik wis direngkuh kaya dene anake dhewe. Awit, wis ana lima las taunan anggone Pak Brojo omah-omah karo Bu Tanti nanging nyatane iya durung duwe momongan.
“Niki wau saking Surabaya napa saking pundi, Mas?”
280
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010