Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/292

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Ngepasi jumangkah ing ngarep toko obat “Tamba Teka” ana sepedha montor bebek biru mandheg. Sawise mateni mesin, wong lanang sing numpak sepedha montor iku mlayu-mlayu mlebu toko karo ngempit helm.

Lan weruh kunci kontak isih cumanthel, Janur mencereng, pikirane banjur ora jenjem. Noleh ngiwa-nengen ora ana juru parkir. Ngungak ratan, ora katon polisi patrol. Janur saya goreh. Lon-lonan jumangkah nyedhak. Sepedha montor kuwi dililing-liling. Sepisan maneh dheweke ngawasi kiwa-tengen. Sing cumanthel ora mung kuncine wae nanging mawa gandhul dhompet cilik. Njeron dhompet kuwi mesthi ana SIM sak STNK-ne pisan.

Janur megeng napas. Jroning batin maido wong sing sembrana kuwi. Lan kanthi tangan rada ngewel, kunci didudut. Digegem. Karepe, terus arep mlebu nggoleki sing duwe. Nanging bareng ngelingi yen sepedha montor kuwi ora ana sing ngulat-ulati, pikire dadi gojag-gajeg, banjur trima amping-amping lawang toko.

Watara saprapat jam sing duwe sepedha montor jumedhul, nyangking tas kresek isi obat-obatan. Sadurunge nylingkrik sepedha montor, ngrogoh sak clana, ngrogoh sak klambi. Banjur clilengan. Banjur arep bali njranthal mlebu toko.


“Nggoleki niki ta?” pitakone Janur karo nuduhake kunci.

“Hahhh?” sing nggoleki mlongo. Janur banjur crita apa anane.

“Anakku lara. Aku kesusu-susu golek obate,” sing duwe sepedha montor wangsulan. Banjur ngrogoh dhompet ndudut dhuwit diulungake Janur.

“Gak usah, Mas.”

“Lho?”

“Wis ta gak usah. Liya dina aja sembrana maneh.”

“Alamate sampeyan ngendi?”

“Gampang. Wis, ndang mulih, obate selak dienteni,” kandhane Janur.

“Matur nuwun lho ya,” sing nduwe sepedha montor ngucap karo nguripi mesine.

Nalika sepedha montor wiwit mlaku, Janur nyawang karo mesammesem, karo gedheg-gedheg.

“Ora maido. Uwong yen lagi dauber kepentingan pancen sok tledhor,” alok batine karo wiwit jumangkah.

Janur kepengin ngukur jembaring kutha. Kepengin meruhi umyeke wong nguyak butuh.

Pranyata sumber panguripan iku ora mung saenggon.

Jaya Baya, No. 16, Minggu III, Desember 2006

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

279