Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/180

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Iya awake dhewe wajib matur nuwun sing tanpa upama marga sih Dalem iki, Pakne!” wangsulane Bu Dul karo nudingake driji nemplek ing lambe, aweh sasmita amrih olehe guneman diampet, mengko.

Pak Dul bali ngadeg anteng, nggatekake lakune arak-arakan nganti tekan Guwa Bethlehem kanthi urmat. Nanging bareng lungguh, pikirane Pak Dul nggatekeke kanca-kancane pradangga, sing adate dheweke sing mokoki, mbuh ngendhang, mbonang barung, apa nggender barung. Ing miss suci malem Natal iki sing nggender Pak Dulmanan, kangmase dhewe, sing mbonang barung Fx. Surtini, anake ragil, dene sing ngendhang Fx. Suryanto, anake mbarep.

Anake Pak Dulngalim iku loro kedhana-kedhini, Suryono lan Surtini. Loro-lorone wis dadi Katulik wiwit SMP. Sebab sekolahe, SD-ne neng Kanisius, SMP-ne uga neng Kanisius. Ndherek wulangan agama, banjur baptis nalika klas I SMP. Bocah loro iku padha ora pati ketarik nabuh gamelan. Nanging rehne ngomah ana gamelan slendro-pelog tinggalane embahne, nalika bapake laris dadi wiyaga kanggo nggreja, bocah loro iku diajari bapakne nabuh kendhang, bonang, gender, lsp, ya terus pinter wae. Dhasar ngedhep gamelan, tur kewarisan bakate bapakne, embahne, lan embahne buyut. Sebab mbah buyute, iya mbahne bapakne iku, Ki Cermodalijo, dhalang kondhang jaman semana.

Dulngalim banjur kelingan kedadeyan telung taunan kepungkur, nalika Pak Petrus, Ketua Lingkungan Kweni sowan ing ngomahe, arep nyilih gamelan sakpapane kanggo latihan koor, awit Lingkungan Kweni entuk giliran miss suci ing lingkungan, koore ngaggo iringan gamelan.

“Mangga mawon, Pak Petrus. Kula remen sanget yen gangsa lan papan kula dipun kersakaken kangge pangibadah, Pak. Jer menika kabudayan paring Dalem Ingkang Maha Gesang, yen dipun tabuh kangge ngluhuraken ingkang Peparing, rak prayogi sanget ta?” wangsulane Pak Dul, sing dhek semana anggone nemoni uga didhampingi Bu Dul. Brayat kajen keringan ing dhusun Kweni.

“Sokur yen Bapak ugi kersa njangkepi, eh malah nglatih wiyaganipun, Pak. Sebab wiyaganipun taksih kirang, tur ingkang wonten inggih dereng sami saged menika. Yen Bapak, Ibu kaliyan keng putra kalih sami nggabung dados wiyaga, wah temtu gayeng, Pak!” Pak Petrus nganyang.

“Wah kula remen sanget, Pak, menawi pareng. Kula dereng Katulik, menapa ugi kepareng ndherek miyaga mlebet nggreja?” Pak Dul mlenggong.

“Pareng kemawon, Pak. Mangga. Bapak rak sampun ahli ngendhang, mbonang, menapa nggender ta? Lha, werni tiga menika lingkungan Kweni jan dereng gadhah, Pak.”

“Menawi miss suci Pugeran dipunsiyaraken RRI, kula temtu nyetel lho. Garapanipun sekeca, kendhangan Ladrangan menapa Ketawangan.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

167