Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/181

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Thinthinganipun bukanipun Rama Pastur nggih sampun kula titeni, sok kula tirokaken ....”

Dhek semana Pak Dul terus marani gender, nyekel tabuh lan buka celuk, “Gus ... ti ma ... nung ... gala ... a. Kali ... yan ... kula ... sada ... yaaa...,” karo diiringe gender.

Pak Petrus kepranan banget marang bawa lan genderane Pak Dul mau. Mula Pak Dul terus dikekep-kekep lan dialembana.

“Adhuh, mboten nginten, Pak, yen panjenengan malah sampun saged ninthing sembayangipun Rama. Lha inggih mekaten menika, Pak. Mangke ingkang ngasta gender panjenengan kemawon. Pak Sis saking Pugeran mangke kula bon ngasta kendhangipun!”

Tenan, wiwit iku Pak Dul banjur nggabung dadi wiyaga koor Lingkungan Kweni. Dhisike nggender, pancen wis cekelane, terus pinter ngono wae. Banjur ngendhang, karang dheweke empune wiyaga ing ing Kampung Kweni kono. Uga tabuhan-tabuhan ricikan liyane. Pak Dul malah dadi pelatihe. Mula sabanjure Pak Dulngalim wis dadi wiyaga inti ing Lingkungan Kweni lan ing Paroki Pugeran. Kerep melu pentas Natalan nang Bangsal Kepatihan, neng Kotabaru, neng Katedral Kevikepan Kiduloji lsp.

“Pak Petrus. Kula sowan mriki tiyang kalih menika badhe matur Bapak minangka Ketua Lingkungan Kweni,” walehe Pak Dulngalim sekaliyan ing sawijining sore, nalika bengine arep ana latihan koor ing panti gangsa nggone Pak Dul dhewe, awit entuk tugas koor malem Natal ing Pugeran.

“Wah, bab menapa Pak? Mangke kemawon kula rak sowan mrika ta? Kok ndadak merlokaken rawuh mriki? Malah ngedheg-edhegi lho, Bapak kaliyan Ibu menika?”

“Nuwun sewu, ingkang ngoyak-oyak kedah enggal sowan pak Petrus sak menika kula kok Pak Petrus!” welehe Bu Dul. “Anu Pak, bab cethaning nasib kula kekalih menika, Pak. Kono Pak, gek matur blak-blakan wae!”

“Bab nasib. Kula kok malah bingung lho Bu. Rak sugengipun Bapak Dulngalim sekaliyan Ibu lan sakbrayat sampun sae. Kulawarga ingkanag kajen keringan malah kagungan gangsa slendro pelog ingkang saged murakabi kangge warga kampung, lan umat mriki ugi nempil ndherek ngginakaken. Kirangipun menapa, Pak?”

“Kirangipun cetha sanget, Pak. Kula lan gangsa kula sampun asring dipun gatosaken Gusti, dipunkeparengaken ngregengaken pangibadah kangge miss suci ing lingkungan, ing greja, ndherek miyaga ing Kepatihan lan sanes-sanesipun. Nanging kula piyambak lan ibunipun menika kok dereng nanggapi kawigatosan Dalem Gusti ingkang semanten agengipun wau. Terus terangipun, kula kekalih kepengin enggal-enggal ndherek

168

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010