Menyang kontèn

Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/109

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Nurma mrengut mandeng Setiadi.

“Sampeyan iki kok aneh, kok! Dipenakake kok ora gelem! Emaneman wong sampeyan sejatine bocah pinter. Ora, ora…, wis ta, gelem ya! mangkono pangarih-arihe Nurma menyang Setiadi.

“Nur, tekadku wis gilig, ora nerusake sekolah! Aku arep nyambut gawe bae. mesakake emak saben dina gedabalan dhewe!” mangkono Setiadi aweh pangerten.

“Oooo…, ngerti aku! Smpeyan wis ngemohi aku, pa!”

“Ya aja kaya ngono ta, Nur, pandakwamu!”

Sing diajak rembugan banjur meneng. Bocah loro sawetara kaya wong blangkemen. Nurma nangis mingseg-mingseg. Setiadi nyawang ratan….

Sejatine bocah loro wis watara rong taunan iki olehe padha pacaran. Nurma bocah manis, kenes, lincah, lan nggemesake kuwi putra ontangantinge Bu Barkun. Randha sugih, sugih-sugihe wong ing ndesa kono. Tokone gedhe daleme mewah. Lan wis ora rahasia maneh, Bu Barkum uga terkenal dadi renternir. Embuh piye nalare, jaman kemajuan kaya saiki kok ya isih ana wae wong sing gelem nyilih dhuwit rentenan sing anakane njiret gulu iku.

Dene Setiadi, putra wuragile Mak Salamah bocah bagus, lugu tjhik pinter sisan. Ngelingi yen dheweke anake wong ora duwe, mula suwesuwe dheweke sadhar. Senadyan tresnane marang Nurma kaya dene tresnane Romeo and Yuliet, nanging kaya-kaya cecak nguntal klapa, tangeh lamun kelakone. Mula, alon-alon dheweke mundur alus. Mesakake Nurma yen ta dheweke ora bisa nyembadani ing tembe burine. Luwih becik yen direngkuh priya liya sing imbang. Setiadi legawa lan melu marem yen bisa nyawang Nurma urip bahagia.

“Nur, wis awan…! Mengko digoleki ibumu!” Setiadi ngelingake Nurma.

“Ya ben! Ben prisa yen aku ana kene!” sumaure Nurma nggregetake.

“Ngene bae lho Nur!Terusna kuliahmu. Aku dak nyambutgawe! Yen pancen jodho, suk-suk rak ketemu!”

Nurma ndhengengek.

“Iya, ya Mas!”

Tangane setiadi disalami mak ceg.

“Janji lho, Mas, aja lali! Wis ya aku bali.”

Nurma banjur mlayu njranthal. Sing dipamiti kaget, getun anggone keprucut ngomong mangkono mau. Setiadi saya butheg atine, bisane mung ungkep-ungkep.

Wis rong taun Setiadi nyambut gawe ana pabrik plastic. Uripe krasa marem. bayaran sepisanan ditukokake rukuh lan sajadahe emake. sabanjure telung wulan diklumpukake kanggo nggenteni gedheg omahe sing

96

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010