Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/110

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

meh rubuh. emake katon lemu seger. Ngibadahe tansaya kenceng. Saiki wis ora buruh umbah-umbah lan nyetlika maneh. Ganti profesi saben dina dodol jamu beras kencur lan kunir asem. Sajake ya laris, wong omahe cedhak sekolahan inpres. Meja kursine sing bobrok wis dibuwang digenteni meja kursi menjalin. Kanggone Setiadi, arepa mung sedherhana, ning “puas” jakaran asil kringete dhewe. Niyat arep kepengin nyenengnyenengake emake baka sithik wis keturutan.

Setiadi katon cepet-cepet anggone rinfgks-ringkes piranti pagaweyane. Dina kuwi rencanane arep enggal-enggal bali. Bayare wis digadhang arep dienggo tuku clana sasetel lan klambi angete emake. Pikire mengko, yen emake budhal kumpulan pengajian ben ora kadhemen.

Bebarengan karo gumruduge karyawan pabrik, Setiadi metu lawang regol, dheg…. atine kaget weruh saka kadohan katon Nurma mapag lakune.

“Nur, kok…”

Durung rampung olehe ngomong, Nurma wis nyaut nyalami tangane Setiadi.

“Mas, aku kangen!” semaure polos.

Setiadi sajak rikuh-pakewuh disawang kanca-kancane sing padha bebarengan metu saka pabrik.

“Nur, aja seru-seru, dirungokake wong!”

“Ya ben, pancen iya bae kok!” sumaure.

“Aku selak kesusu lho. Nur! Kowe mengko didukani Mas Pram!

Biasane rak dipapag mobile pacarmu ta?” aloke Setiadi kuwatir.

“Wis putus kok! Ayo, kancanana aku ngombe es jus dhisik. Aku ana perlu karo sampeyan!”

“Tangane Setiadi digandheng menyang depot es ngarep pabrik. Sinambi ngenteni ese, bocah loro iku ngethupruk. Nurma ngethipris critane prasasat ora ana titik komane. Sing dijak ngomong mung monthakmanthuk ngiyani.

“Mas, D2 ku wis lulus!”

“Wah, selamat ya!” Setiadi nyalami tangane Nurma kenceng.

“Trims!” semaure Nurma kanthi mmesem, sajak kelegan.

“Dhek malem Minggu kepungkur Bapak lan ibune Mas Pram nglamar aku!”

“Haaa…!” Setiadi kaget.

“Sik ta Mas, aku dak crita dhisik! Ndilalah bareng etung-etungan, kesatuane dina kelairanku lan mas Pram, ibuku lan wong tuwane kok njur ora wani. Dhawuhe Ibu jare tiba “Gehing” aku Sabtu Pahing, Mas Pram Sabtu Wage. Sabtu ketemu Sabtu dhawuhe ya ala!:”

“Terus piye kaputusane?” pitakone Setiadi.

“Ya wurung! Aku sing seneng banget. Embuh kono!” aloke nurma.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

97