Kaca:Basa Djawi I.pdf/29

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

27


Siti : ,,Anaké kok empun ageng nggih, ju. Empun sekolah napa dèrèng ?”
Painah : ,,Empun, saweg klas setunggil."
Sarijem : ,,Embok, aku ndjaluk katjangé kuwi."
Siti : ,,Ah dudu katjang, iki éṭok-éṭoké sega. Mangga sekulé didahar, wédangé diundjuk."
Painah : ,,Jem, olèhmu mangan adja akèh-akèh. Siti mundak nesu. Empun dik, permisi adjeng wangsul."
Siti : ,,mBok mangké, taksih sijang mawon kok."
Painah : ,,Boten, wong anak kula niki selak rèwèl."
Sarijem : ,,Boten, ḍing."
Siti : ,,ngGih, nḍèrèkké wiludjeng."


I. TERUSNA.
  1. Ingkang sami ḍajoh-ḍajohan .........................
  2. Anggènipun ḍajoh-ḍajohan wonten ....................
  3. Ingkang gaḍah grija ................................
  4. Tamunipun ..........................................
  5. Sarijem dados ......................................
  6. Ingkang kanggé sekul ...............................
  7. Sarijem selak kepéngin .............................
  8. Anggènipun neḍa dipun penging ......................


II. KRAMAKNA.
  1. Adja pidjer ngguju baé.
  2. Adja pidjer turu baé.
  3. Adja pidjer dolan baé.
  4. Adja nḍisiki mangan.
  5. Ajo, wédangé diombé.

  1. Ajo, segané dipangan.
  2. Ajo, énggal ditulis.
  3. Ajo, énggal paḍa mangkat
  4. Kantjamu tinggalen baé.