Kaca:Basa Djawi I.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
26

9. ḌAJOH-ḌAJOHAN.
Basa Djawi I (page 28 crop)

Ana ing latar Siti ketemu Painah karo Sarijem. Ban- djur arep dolanan ḍajoh-ḍajohan. Siti mlebu ngomah ndjupuk klasa, tjangkir karo piring blèg. Klasané digelar ana ngisor wit djeruk. Siti sing duwé omah. Painah ḍajohé. Sarijem anaké.


Painah : ,,Kula nuwun.
Siti : ,,Mangga, ladjeng mawon. Lenggah ngriki mawon."
Painah : ,,Inggih."
Siti : ,,Lenggahé disekétjakaké, ju."
Painah : ,,Inggih, sampun sekétja."
Siti : ,,Rak sami wiludjeng, ta ju ?"
Painah : ,,Inggih wiludjeng, Sampéjan rak inggih wiludjeng, ta dik ?"
Siti : ,,Wiludjeng, ju. Niki wau saking pundi ?"
Painah : ,,Saking grija mawon. Wong saking ndjampèkké anak kula niki."