Menak Jingga, Ingsun bakal dadi garwamu...!
119. DAMARWULAN : Inggih Sinuwun, kula nyuwun pamit.
120. KENCANA WUNGU : Pisowanan ing dinten punika kita cekapi.
121. SEDAYA : Bektos kula Gusti Ratu.
BABAK VII
Adegan 1
NALIKA MENAKJINGGA SAWEG REREMBAGAN KALIYAN GARWA-GARWANPUN, DHUMADAKAN KEPIRENG SWARANE DAMARWULAN NANTANG SORA.
122. DAMARWULAN : He Adipati MENAKjingga, nungkula klawan aris. Kowe wis takkepung.
123. MENAK JINGGA : He bocah cilik, sapa kowe wani mlebu.
124. DAMARWULAN : Aku Damarwulan, Senopati Majapahit.
125. MENAKJINGGA : Sapaaa? Ngaliman?
126. DAMARWULAN : Damarwulan.Ngertiya he, Menak Jingga, aku mrene marga diutus Ratu Majapahit supaya nigas janggamu. Ayo Menak Jingga tandingana aku.
127. DAYUN : Waduh gawaat, ati- ati Kanjeng.
128. MENAK JINGGA : Sareh wae Yun.Dhiajeng WaitoPuyengan, nyingkira.
129. WAITO-PUYENGAN : Inggih kanjeng.
130. MENAKJINGGA : Damar Wulan kowe bayi wingi sore durung puput pusermu, wis wani nantang Menakjingga. Apa bosen urip kowe. Damarwulan, ayo tokke kabeh kasektenmu! Patenana aku, nek kowe bisa... ayo!
131. DAMARWULAN : Hhhiaaatt.....hhhiiaatt....
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
357