Adegan 2
ORA WATARA SUWE LAYANG SETO TEKA KANGGOMARINGI PIRSA YEN ANA SING LUNGA.
107. LAYANG SETO : Rama wonten ingkang lunga?
108. PATIH HARYA LOGENDENG : Piye ? Lunga? Ya wis, Rama gek mulih.
109. KENCANA WUNGU : Wonten punapa Wa Patih, sinten ingkang kesah?
110. PATIH HARYA LOGENDENG : Eee...anu Gusti Ratu, boten menapa - menapa.
Adegan 3
DUMADAKAN KEPRUNGU SWARANE DAMARWULAN SAKA NJABA.
111. DAMARWULAN: Kula ingkang sowan Sinuwun Nyuwun pangapunten Sinuwun, kula punika Damarwulan.
112. KENCANA WUNGU : Oh Dewata ingkang Hakarya Jagad, punapa leres menika Damarwulan?
113. SWARA GAIB : Ratu Kencana Wungu, dheweke iku Damar Wulan.
( ECHO ) Enggal winisuda dadi senopati pamungkas!
114. KENCANA WUNGU : Damarwulan, apa sliramu saguh dadi Senopati Majapahit, lan maju peang lawan Adipati Menak jingga...?
115. DAMARWULAN : Inggih Sinuwun.
116. MENAK KONCAR : Apik.
117. PATIH HARYA LOGENDENG : Apik..Haming cah kaya gombal amoh ngono kok diomongke apik. Uapik anaku... huweeekk.
118. KENCANA WUNGU : Damarwulan, enggala mangkat! Lan yen kowe kasil lawan Adipati
356
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~