49. JOKO : “Salae bapak nakal…” (mangkel)
50. BAPAK : “Wo… kurang ajar gedhe awake tur.. dadi anak ora eneng gunane persis karo mbokne.”
51. SIMBOK : “Pak..xiso sabar ora! mbok yo… sabar!” (mangkel)
52. BAPAK : “Ow…xkowe saiki wani karo aku.”
53. SIMBOK : “Pak… sabarku wis entek, aku wis ra kuat, nek pancen bapak tanggungjawab, bapak golek duwit makani anak-bojo.!”
54. BAPAK: “Halah..!
55. SIMBOK: “Opo…. bapak ora mesakke karo Rini lan Joko, Rini kudu ngewangi aku saben isuk, deweke wayae sinau malah kudu ngewangi mbokne Rini di ece, dinyek-enyek karo kancane apa… bapak ora mesakke.?”
56. BAPAK : “As…. lueh urusanmu.”
ADEGAN XII
BANJUR BAPAK LUNGO KETEMU RINI ANANGING ORA TOPO ARUH
57. RINI : “Assalamu’alaikum..”
58. SIMBOK : “Walaikum salam.”
59. JOKO : “Kok wis bali mbak?”
60. RINI : “Ho’o…. dik., guru-guru do rapat dadi yo Mbak Rini bali gasik.”
61. JOKO : “Ow… wah mbak aku dadi pengen sekolah meneh.”
62. RINI : “Yo….. Insyallah.., sesok nek simbok karo bapak duwe rejeki Joko iso sekolah meneh.”
63. JOKO : “Amin..”
64. RINI : “Mbok.. simbok kengeng menapa kok penggalihe kadosipun susah?”
65. SIMBOK : “Yo… ngene ki aku mangkel karo solah tingkahe bapakmu saben dino ming muringmuring terus, ora rubah ket mbiyen.”
66. RINI : “Sabar.. mbok, simbok pasrah mawon marang Gusti Allah Mugi-mugi keluarga kitha diparingi kathah rejeki.”
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
333