Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/353

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

34. SIMBOK : “Tasih pak nembe SD kelas 4.”

35. JURAGAN GUDEG : “Wealah kok kethoke sregep banget ya..?” Ealah.. ket mau aku durung kenalan aku Slamet aku dodol gudeg neng Tamansari.”

36. SIMBOK : “Ow mekaten niki anak kulo Rini.. injeh alhamdulilah pak..!

37. JURAGAN GUDEG : “Yowis iki duwite, aku bakal tuku terus.”

38. JOKO : “Hehe…matur nuwun pak.”

39. RINI : “Mbok.. kula wangsul riyen nggih.. mengke ndak kula telat Anggenipun sekolah.”

40. SIMBOK : “Ya… kono, ati-ati sarapane wis tak cepakke neng pawon.”

41. SIMBOK : “Inggih .. mbok.”


ADEGAN IX

RINI MLAKU BALI,DEWEKE SIAP-SIAP SEKOLAH BANJUR PAMITAN KARO BAPAKNE ADEGAN X

42. RINI : “Pak… Rini sekolah riyen nggih.., Assalamu’alaikum.”

43. BAPAK : “Ya..”


ADEGAN XI

RINI MENYANG SEKOLAH, LET SEDELOK SIMBOK KARO JOKO MULEH, BANJUR SIMBOK KARO JOKO NENG PAWON NJANGAN DINGGO AWAN

44. BAPAK : “Mbok…!!! Endhi janganne.?” (nesu)

45. SIMBOK : “Durung mateng pak…”

46. BAPAK : “Wo… ket mau kowe ki ngapa neng pawon? Wis pinjang, klenat-klenet meneh….wealah ra kalap.”

47. JOKO : “Wu….. bapak ki elek, ra kalap, soale bapak ora sabar.”

48. SIMBOK : “Hus…. ora ngono kuwi karo bapak!”

332

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~