034.Bams : “Enak wae arep lunga.”
035.Gendhis : “Lah terus? Karepmu ki apa?”
036.Bams : “Bocah loro kuwi tinggal sik, urusanku urung rampung.
037.Gendhis : “Urung rampung piye? Bocah loro iki kan wis jaluk pangapura, wis tok jewer nganti nangis maneh.Wis, ayo dhik mulih!” (Langsung lunga)
038.Bams : “Weee . . . malah minggat. Dhasar wong miskin.”
ADEGAN IV
WAYAH BENGI, BAMS LINGGUH NING CAKRUK DHEWE.
039. Bams : “Bapakku mau omong, nek bapak agek wae kapusan terus usahane dadi seret. Terus aku, rasida ditukokke montor anyar deh. Kepiye leh ku omong karo kanca-kanca, apa maneh karo Sarah. Isa-isa aku dipedotke.” Bram sing agek mabuk teka.
040. Bram : “What’s up Bro? Putra Bapak Suparman, wong paling sugih ning kutha iki. Nanging . . .. Sik sik, dhelo engkas kan kowe dadi wong miskin. Ha ha ha . . .”
041. Bams : “Apa maksudmu omong ngono kuwi?”(nesu)
042. Bram : “Lah iya tenan ta. Bapakmu wis ngedol kabeh lemahe karo bapakku.” Bams besengut.
043. Bram : “Bams dadi wong miskin, Bams dadi wong miskin. Ha ha ha . . .” Bram gujengi klambine Bams lan nyerakke raine ning raine Bams. (nyanyi)
044. Bram : “Bams alias Bambang Suparman, dadi wong miskin. Ha ha ha . . ..” (nguculke gujengane) “Bams alias Bambang anake wong sugih saiki . . .” (bengok) “Dadi anake wong miskin. Ha ha ha . . .”
045. Bams : (nesu) “Kurang ajar kowe!” (ngantem raine Bram)
046. Bram : “Wani-wanine kowe?” Padha gelut. Bram jipuk kayu terus gebuk sikile Bams.
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
305