012. Bocah2 : “Ampun, Ampun Mas.” (nangis)
013. Tono : “Wis ta. Mesakake isih cilik.”
014. Bams : “Ya ora ngono.”
015. Sarah : “Mengko nek dha ngandhakke mbokne piye?”
016. Bams : “Yo ben. Wong miskin ngendi sing wani karo aku.”
ADEGAN III
GENDHIS TEKA.
017. Gendhis : “Eee . . ., ngapa kowe jewer bocah iki? Culke!” (nesu) Bams ngecuklake bocah loro mau. Bocah loro mau marani Gendhis karo nangis.
018. Bams : “Nah lho. Sapa maneh iki?”
019. Jhon : “Mbokne paling.” Padha ngguyu.
020. Tono : “Nek mbokne ayune kaya ngono, aku gelem dadi bapakne bocah loro kuwi.” Padha ngguyu.
021. Tina : “Pa ya kowe betah, ngadhepi nakale bocahe?
022. Jhon : “Pak e, pak e . . .” Padha guyu saya sero.
023. Tono : “Guwang wae. Aku ming pengen mbokne.”
024. Bams : “Ha ha ha . . . “(guyu paling sero)
025. Gendhis : “Mentang-mentang kowe-kowe kuwi wong sugih terus isa sakpenake dhewe karo wong cilik. Jewer cah cilik sing ra ngerti apa-apa.” Padha meneng.
026. Bams : “Nek masalahe cah cilik loro mau, kuwi pancen salahe bocah. Mlayu ra nganggo mata.”
027. Gendhis : “Jenenge ya cah cilik.”
028. Sarah : “Cah cilik piye? Bocah iki wis nubruk Bams. Deloken! Klambine Bams dadi lecek kaya ngene.”
029. Gendhis : “Kan ming klambine, isa dikumbah.”
030. Bams : “Weee . . . Iki klambi larang. Kowe ra bakalan isa ngijoli.”
031. Gendhis : “Klambi reged kan garek dikumbah, rasah umuk kaya ngono.”(nggedumel)
032. Bams : “Omong apa kowe?”
033. Gendhis : “Ora omong apa-apa. Wis, suwe-suwe aku ora betah ning kene.”
304
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~