Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/32

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Museum tani uga nate kanggo syuting para artis sing wis kondang, kayata; Peppy the Explore lan Belajar Indonesia saka Australia. Para tamu sing rawuh ana ing Museum Tani bakal ngrasakake asrine desa wisata sing isih ijo. Uga bisa melu nglakoni dhewe melu nggarap sawah, kayata; tandur, nggaru, lan ngluku. Mangkon iku kegiatan sing disuguhake kanggo para tamu. Kejaba iku para tamu uga bisa kendhuri bebarengan karo warga ana ing desa lan saksiwo tengene.

Amarga akahe tamu sing rawuh ing Museum Tani, para warga ana ing kukupan Candran lan sakiwa tengene pametu utaea tingkat perekonomiane bisa mundhak. Ing antarane gawe panganan lan dodolan oleh-oleh lan padha guyup rukun anggone nanggapi tamu. Para warga sangsaya sengkut anggone bebarangen gotong royong ngrumat lan reresik desa sarta njaga tansah urip rukun lan tentrem.

Kejaba iku, para tamu bisa kesengsem lan uga bisa ngrasakake numpak prahu naga, ngincipi panganan tradisional desa lan uga bisa mubeng-mubeng ana ing desa wisata Kebonagung kanthi piranti pit onthel. Sawise iku, para tamu diterangake lan diajari piye carane gawe biogas.

Falistas liyane yaiku ana ing sacedhake museum uga ana “home stay” utawa panggonan kanggo nginep para tamu. Museum tani bukak saben dina, mula para tamu bisa rawuh ana ing museum iki sawanci-wanci lan bakal ditanggapi kanthi sumeh lan pekoleh sarta bakal nyumurupi swasana guyup rukuning warga desa. Wasana, ora bakal kuciwa menawa panjenengan tindak rawuh ing Museum Tani. Ing kene budaya lan tradisi tani tansah dijaga murih lestari. Muga tansah migunani.

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

19