Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/31

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

(kanggo tamu utawa pengunjung) supaya bisa ngrasakake lan ngerteni budaya lan tradhisi tani kanthi tumindak nyata ing sawah.

Maneka warna koleksi piranti tetanen saka para among tani jaman mbiyen ana ing museum iki, kang digawe saka kayu, watu, lan wesi. Kayata luku, garu, grobag, pacul, kranjang, lesung, lumpang, arit, ani-ani, caping, wajan, cowek, gosrok, lan genthong.

Prayoga disetitekake, museum iki nduweni rantaman adicara rutin saben telung sasi pisan sajroning setaun. Yaiku nganakake lomba, pentas, seni tradhisi utawa festival tingkat daerah lan nasional. Sasi Januari museum tani nganakake lomba tandur pari tataran daerah lan nasional. Wulan Maret nganakake lomba masakan tradisional. Ing sasi Mei nganakake pentas seni, tradhisi tani, lan budaya Jawa. Dene Wulan Juli nganakake festival memedi sawah. Ing sasi September lan November nganakake seni tradhisi tani lan pameran hasil pangan.

Rawuhe para tamu bakal disugata dening asrine sawah-sawah lan kahanan desa sing tentrem, sarta alam kang isih ijo. Sinambi icip-icip lan ngrasake panganan tradisional desa sing didhasarake. Karasa mlaku-mlaku ing Museum Tani Jawa Indonesia bakalan nyenengake. Ora mung wisata ananging uga nambah wawasan babagan tetanen.

Museum Tani kanggo nyimpen piranti tetanen lan kanggo mbudidaya tanduran kang wis langka. Ngemu teges kanggo menehi pangerten babagan budaya lan tradhisi tani.

Maneka warna piranti tetanen bisa nambahi wawasan supaya kang padha rawuh bisa ngrasakake lan mangerteni kanthi nglakoni dhewe ing sawah. Kanthi nganakake manekawarna tradhisi utawa festival kita bisa ngerti, ngelestareake budaya Jawa lan tradhisi tani. Kahanan desa sing tentrem sinambi icip-icip panganan tradisional desa njalari para tamu bakal kesengsem ora mung wisata ananging uga nambah wawasan babagan tetanen.

Tamu sing padha rawuh ora mung tamu domestik ananging uga ana sing rawuh saka manca nagara. Kayata; Belanda, Qatar, Australia, Korea, Perancis. Dene tamu domestik kayata: Sidoarjo (Jatim), Jakarta lan isih akeh maneh liyane.

86

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~