Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/255

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

042. Pak Atmo : Ngapa kowe ndhana? Bapak ora seneng yen kowe isih pacaran karo cah kae

043. Sinta: Aku ana perlu karo Mas Satriyo Pak, nanging jarene keluwargane Satriyo wis lunga adoh

044. Pak Atmo: Hahahaha, Bapak seneng yen Satriyo lunga. Dadine ora ana sing bisa ngalang-alangi rencanane Bapak

045. Sinta: Rencana apa Pak ? Sinta ora mudeng

046. Pak Atmo: Rencana nikahanmu karo Bagus anake Pak Lurah tahun ngarep

047. Sinta : Apa Pak? nikah?

048. Pak Atmo: Iyo, nikah. Kurang jelas leh ku ngomong Nduk ?

049. Sinta: Bapak ki, bisa-bisane bapak njodohke aku karo Bagus. Sinta ora gelem Pak

050. Pak Atmo : Apa? kowe ora gelem. Kowe anakku, kowe kudu manut kandaku! Kurang apa Bagus, dhekne sugih, mesti kowe bisa seneng (mendelik lan tangane malangkrik)

051. Sinta : Sinta ora gelem di jodoh-jodohake, Sinta geleme nikah karo Mas Satriyo. Sinta ora peduli yen Bagus sugih

052. Pak Atmo: Arep dadi apa kowe? arep dadi anak sing durhaka karo wong tuwa, ha? kowe saiki wani karo bapak! (Sinta digeret bapakne tekan ngarepan omah) Saiki, lunga kowe saka kene. Yen kowe ora manut, kowe ateges dudu anakku.

053. Sinta : Pak, aja usir Sinta Pak

054. Pak Atmo : Dinggo ngapa aku duwe anak sing durhaka kaya kowe (nangis sambi sujud ing semparane bapakne)

055. Sinta : Nggih… nggih Pak, Sinta purun nuruti apa wae sing dikarepke Bapak, nanging aja usir Sinta saka ngomah Pak (nangis)

056. Pak Atmo : Tenan ? kowe gelem nuruti kabeh karepku?

057. Sinta : Nggih pak, Sinta janji… Sinta janji ora bakal durhaka karo bapak meneh

058. Pak Atmo : Ya Nduk, tak tampa janji mu

234

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~